๐Ÿ“œ โ€œOJO MUNG MANIS ING LAMBE, PAIT ING KELAKUANโ€

22 Februari 2026 โ€ข 5 menit baca โ€ข Tak Berkategori

โ€œPaseduluran ing Jaman Now: Antawisipun Citra lan Nyataโ€.

โ” โœ๐Ÿ“š โ”โ”โ”โ”โ”โ”โ”โ”“

REALITA PASRAWUNGAN

โ”—โ”โ”โ”โ”โ”โ”โ” โœ๐Ÿ“š โ”›

(Telaah Kritis Pasrawungan Modern mawi Tuntunan Syaraโ€™)

Pambuka:

Para kadang ingkang dipun mulyakaken Allah. Menawi kita ngetungaken jaman sakmenika (jaman digital/sosmed), nasehat saking ulama Salaf ingkang kasebat ing Raudhatul โ€˜Uqalaโ€™ wau kados-kados โ€œnamparโ€ kita sedaya. Jaman ingkang sarwa online menika asring nipu. Kathah tiyang ingkang katingal โ€œakrabโ€ ing layar HP, nanging โ€œasingโ€ ing alam nyata. Kathah ingkang โ€œsayangโ€ nalika wonten maedahe, nanging โ€œilangโ€ nalika koncone susah.

  1. Paseduluran Menika Ikatan Iman Allah Taโ€™ala ngendika:

{ุฅูู†ูŽู‘ู…ูŽุง ุงู„ู’ู…ูุคู’ู…ูู†ููˆู†ูŽ ุฅูุฎู’ูˆูŽุฉูŒ}

“Satemene wong-wong mukmin iku padha sadulur.” (QS. Al-Hujurat: 10)

2. Hakikat Muslim Sejati Rasulullah shallallahu โ€˜alaihi wa sallam ngendika:

ุงู„ู’ู…ูุณู’ู„ูู…ู ุฃูŽุฎููˆ ุงู„ู’ู…ูุณู’ู„ูู…ู ู„ูŽุง ูŠูŽุธู’ู„ูู…ูู‡ู ูˆูŽู„ูŽุง ูŠูุณู’ู„ูู…ูู‡ูุŒ ูˆูŽู…ูŽู†ู’ ูƒูŽุงู†ูŽ ูููŠ ุญูŽุงุฌูŽุฉู ุฃูŽุฎููŠู‡ู ูƒูŽุงู†ูŽ ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ู ูููŠ ุญูŽุงุฌูŽุฉูู‡ู

Muslim siji lan sijine iku sadulur. Dheweke ora bakal nzalimi lan ora bakal ngetokake (marang mungsuh/kasusahan). Sapa sing nyukupi hajat (kabetahan) sedulure, Allah bakal nyukupi hajate.” (HR. Bukhari no. 2442 lan Muslim no. 2580)

Hadits menika ngengetaken kita kaliyan bait syair wau: “Nanging nalika wonten ing awrat, piyambakipun boten kersa paring pambiyantu.” Muslim ingkang sae boten badhe negakaken sedherekipun ing wekdal susah.

3. Ibarat Satunggal Badan Rasulullah shallallahu โ€˜alaihi wa sallam ugi paring tamsil:

ู…ูŽุซูŽู„ู ุงู„ู’ู…ูุคู’ู…ูู†ููŠู†ูŽ ูููŠ ุชูŽูˆูŽุงุฏูู‘ู‡ูู…ู’ุŒ ูˆูŽุชูŽุฑูŽุงุญูู…ูู‡ูู…ู’ุŒ ูˆูŽุชูŽุนูŽุงุทูููู‡ูู…ู’ ู…ูŽุซูŽู„ู ุงู„ู’ุฌูŽุณูŽุฏู ุฅูุฐูŽุง ุงุดู’ุชูŽูƒูŽู‰ ู…ูู†ู’ู‡ู ุนูุถู’ูˆูŒ ุชูŽุฏูŽุงุนูŽู‰ ู„ูŽู‡ู ุณูŽุงุฆูุฑู ุงู„ู’ุฌูŽุณูŽุฏู ุจูุงู„ุณูŽู‘ู‡ูŽุฑู ูˆูŽุงู„ู’ุญูู…ูŽู‘ู‰

“Pepindhane wong mukmin ing babagan sih-sinisihan, welas asih, lan tresna tinresnan iku kaya dene siji awak. Yen ana siji perangan awak sing ngrasakake lara, mula sekabehane awak bakal melu ngrasakake kanthi ora bisa turu lan demam.” (HR. Muslim no. 2586).

IV. POTRET SALAF (PARA SAHABAT)

Para Sahabat Nabi menika tuladha paling nyata ing babagan tahliyyah (menghiasi diri) kaliyan sifat wafa’ (setya) lan itsar (mendahulukan tiyang sanes).

Allah ngalem kaum Anshar ingkang nulungi kaum Muhajirin:

{ูˆูŽูŠูุคู’ุซูุฑููˆู†ูŽ ุนูŽู„ูŽู‰ูฐ ุฃูŽู†ู’ููุณูู‡ูู…ู’ ูˆูŽู„ูŽูˆู’ ูƒูŽุงู†ูŽ ุจูู‡ูู…ู’ ุฎูŽุตูŽุงุตูŽุฉูŒ}

“Lan dheweke (wong Anshar) luwih ngutamakake (wong Muhajirin) ngalahake awake dhewe, sanajan dheweke dhewe uga butuh banget.” (QS. Al-Hashr: 9).

Menika cermin saking syair: “Sedaya rumaos tresna punika boten wonten saenipun… bilih boten saged nyangga hak-hakipun rencang.” Para Sahabat boten namung “legi ing lathi”, nanging mbuktikaken kanthi harta lan nyawa.

Mugi Allah paring pitulung dhumateng kita supados saged dados mitra ingkang setya, ingkang boten namung hadir nalika bingah, nanging ugi dados pambiyantu nalika sedherek kita nandhang susah.

Mangga kita bedhah satunggal mbaka satunggal realita menika kanthi kaca tingal agama:

  1. Fenomena โ€œKonco Musimanโ€ (Ada Uang Abang Sayang)

Realita:

Ing jaman sakmenika, ukuran paseduluran asring dipun ukur mawi materi. Nalika kita lagi jaya, gadhah kalungguhan, utawi nembe โ€œcairโ€, kanca-kanca raket sanget. Group WhatsApp rame, ajak-ajak ngopi lancar. Nanging, nalika roda gesang muter mangandhap (bangkrut, sakit, utawi boten gadhah jabatan), dumadakan sepi nyenyet. Boten wonten ingkang nanyake kabar, napa malih paring pambiyantu.

Tuntunan Dalil:

Paseduluran ingkang dipun dhasari dunya menika rapuh lan boten badhe langgeng. Paseduluran sejati menika Lillah (kerna Allah).

Rasulullah shallallahu โ€˜alaihi wa sallam ngendika:

ุฃูŽูˆู’ุซูŽู‚ู ุนูุฑูŽู‰ ุงู„ู’ุฅููŠู…ูŽุงู†ู: ุงู„ู’ู…ููˆูŽุงู„ูŽุงุฉู ูููŠ ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ู ูˆูŽุงู„ู’ู…ูุนูŽุงุฏูŽุงุฉู ูููŠ ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ูุŒ ูˆูŽุงู„ู’ุญูุจูู‘ ูููŠ ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ู ูˆูŽุงู„ู’ุจูุบู’ุถู ูููŠ ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ู

โ€œTaline iman sing paling kuat yaiku: loyalitas (setya) amarga Allah, musuhan amarga Allah, tresna amarga Allah, lan sengit amarga Allah.โ€ (HR. Thabrani, Shahih).

Faedah: Menawi kita nresnani kanca amarga Allah (amarga kesalehanipun), kita boten badhe nilar piyambakipun sanajan piyambakipun mlarat utawi susah.

  • Fenomena โ€œJempol Sregep, Tenaga Kesedโ€ (Simpati Semu)

Realita:

Nalika wonten kanca ingkang kena musibah, linimasa (timeline) kebak ucapan โ€œNdherek bela sungkawaโ€ utawi โ€œSemoga lekas sembuhโ€ lan โ€œSabar nggihโ€. Menika sae, nanging asring mandheg ing lathi (tulisan) kemawon.

Jarang ingkang estu dugi menyat saking papanipun kagem:

  • Ngeteraken bantuan dhaharan.
  • Nunggnoni ing griya sakit.
  • Utawi mbiyantu ngurus jenazah lan kulawarga ingkang tinilar.

Syair Salaf wau ngemutaken: โ€œNanging nalika wonten ing awrat, piyambakipun boten kersa paring pambiyantu.โ€

Tuntunan Dalil:

Islam ngajaraken aksi nyata, sanes namung basa-basi.

Allah Taโ€™ala ngendika:

{ูŠูŽุง ุฃูŽูŠูู‘ู‡ูŽุง ุงู„ูŽู‘ุฐููŠู†ูŽ ุขู…ูŽู†ููˆุง ู„ูู…ูŽ ุชูŽู‚ููˆู„ููˆู†ูŽ ู…ูŽุง ู„ูŽุง ุชูŽูู’ุนูŽู„ููˆู†ูŽ * ูƒูŽุจูุฑูŽ ู…ูŽู‚ู’ุชู‹ุง ุนูู†ุฏูŽ ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ู ุฃูŽู† ุชูŽู‚ููˆู„ููˆุง ู…ูŽุง ู„ูŽุง ุชูŽูู’ุนูŽู„ููˆู†ูŽ}

โ€œHe wong-wong kang padha iman, geneya kowe padha ngucapake apa kang ora kowe lakoni? Gedhe banget bebendune ing ngarsane Allah, yen kowe ngucapake apa kang ora kowe lakoni.โ€ (QS. As-Saff: 2-3).

Rasulullah shallallahu โ€˜alaihi wa sallam ugi paring pitedah konkret:

ู…ูŽู†ู’ ู…ูŽุดูŽู‰ ูููŠ ุญูŽุงุฌูŽุฉู ุฃูŽุฎููŠู‡ู ูƒูŽุงู†ูŽ ุฎูŽูŠู’ุฑู‹ุง ู„ูŽู‡ู ู…ูู†ู ุงุนู’ุชููƒูŽุงูู ุนูŽุดู’ุฑู ุณูู†ููŠู†ูŽ

โ€œSapa wong sing lumaku kanggo nyukupi hajate (kabutuhane) sedulure, iku luwih becik kanggone tinimbang iโ€™tikaf sepuluh taun.โ€ (HR. Thabrani, dipun hasanaken dening Al-Albani).

Renungan: Ngetik pesen WA menika gampil, nanging โ€œlumakuโ€ paring pitulungan menika ingkang awrat lan ageng ganjaranipun.

  • Fenomena โ€œDzul Wajhainโ€ (Manungsa Rai Rangkep)

Realita:

Ing ngajeng manis, ing wingking ngrasani (ghibah). Ing ngajeng ngalem-alem, nanging nalika kempal kaliyan grup sanes, aib kancanipun dipun udhal-udhal. Iki penyakit ingkang ngrusak ukhuwah paling parah ing jaman sakmenika.

Tuntunan Dalil:

Menika sifat ingkang paling dipun sengiti dening Nabi.

Rasulullah shallallahu โ€˜alaihi wa sallam ngendika:

ุชูŽุฌูุฏููˆู†ูŽ ุดูŽุฑูŽู‘ ุงู„ู†ูŽู‘ุงุณู ุฐูŽุง ุงู„ู’ูˆูŽุฌู’ู‡ูŽูŠู’ู†ูุŒ ุงู„ูŽู‘ุฐููŠ ูŠูŽุฃู’ุชููŠ ู‡ูŽุคูู„ูŽุงุกู ุจููˆูŽุฌู’ู‡ูุŒ ูˆูŽูŠูŽุฃู’ุชููŠ ู‡ูŽุคูู„ูŽุงุกู ุจููˆูŽุฌู’ู‡ู

โ€œSira bakal nemoni manungsa sing paling elek yaiku โ€˜Dzul Wajhainโ€™ (wong kang duwe rai loro), sing nekani golongane iki kanthi wajah siji, lan nekani golongane liya kanthi wajah liyane.โ€ (HR. Bukhari no. 6058).

Salafus Shalih ngajaraken an-Nashihah (nasehat tulus). Menawi wonten kekirangan ing kanca, dipun emutaken kanthi 4 mata, sanes dipun sebar ing status medsos (nyindir).

  • Fenomena โ€œGampang Utang, Angel Bayarโ€ (Ngrusak Kapercayan)

Realita:

Wonten ungkapan โ€œNgrusak paseduluran sing paling cepet iku babagan dhuwitโ€.

Kathah tiyang ingkang ngginakaken โ€œkedokโ€ paseduluran kagem ngutang. Nalika ngutang ngginakaken basa ingkang melas lan janji manis. Nanging nalika dipun tagih, langkung galak tinimbang sing ngutangi, utawi malah mblokir nomer WA. Menika pengkhianatan dhumateng amanah paseduluran.

Syair wau nyebataken: โ€œDene piyambakipun setya dhumateng kawula, nanging kawula boten saged males kesaenanipun (malah mbales mawi keburukan).โ€

Rasulullah shallallahu โ€˜alaihi wa sallam ngancam keras tiyang ingkang niyat ngemplang utang:

ู…ูŽู†ู’ ุฃูŽุฎูŽุฐูŽ ุฃูŽู…ู’ูˆูŽุงู„ูŽ ุงู„ู†ูŽู‘ุงุณู ูŠูุฑููŠุฏู ุฅูุชู’ู„ูŽุงููŽู‡ูŽุง ุฃูŽุชู’ู„ูŽููŽู‡ู ุงู„ู„ูŽู‘ู‡ู

โ€œSapa wong sing njupuk (utang) bandhane manungsa kanthi niat arep ngrusak (ora mbalekake), Allah bakal ngrusak dheweke.โ€ (HR. Bukhari no. 2387).

KESIMPULAN & PITEDAH PRAKTIS

Pripun caranipun kita dados mukmin ingkang โ€œBoten namung legi ing lathiโ€ ing jaman sakmenika?

  • Kurangi Basa-Basi, Kathahi Aksi: Menawi kanca sakit, ampun namung komen stiker nangis. Transfer, kirimi obat, utawi tiliki.
  • Jaga Aib Kanca: Ampun dados โ€œember bocorโ€. Menawi kanca curhat masalah kulawarga, ampun didadosaken bahan rasan-rasan.
  • Dalil: โ€œSapa sing nutupi aib sedulure ing dunya, Allah bakal nutupi aibe ing dunya lan akhirat.โ€ (HR. Muslim).
  • Langgengaken Silaturahim Sanajan Beda Nasib: Ampun isin kumpul kaliyan kanca lawas sing saiki mlarat, lan ampun insecure (minder) kumpul kaliyan kanca sing saiki sugih. Dasare paseduluran iku Iman, dudu jabatan.
  • Tulus Tanpa Pamrih: Tulungana kanca tanpa ngarep-arep โ€œwalesanโ€ utawi โ€œproyekโ€. Walesan saking Allah langkung ageng.

Mugi Allah nebihaken kita saking sipat munafik lan paring anugerah sahabat-sahabat ingkang tulus, ingkang saged nggandeng tangan kita mlebet suwarga. Aamiin.