“GAS POL ING 10 DINA PUNGKASAN

9 Maret 2026 4 menit baca Tak Berkategori

Judhul: : Mburu Lailatul Qadar, Dudu Mburu Diskon Lebaran”

Pemateri: Pinggir Wiyono, S.Pd., M.Pd.

I. Pambuka: Filosofi Jaran Balap (Menukik!)

Bapak-bapak, Ibu-ibu jamaah rahimakumullah

Menawi wau kita sampun ngrembag bilih wulan Ramadhan sampun kalampahan separo, sakmenika kita mlebet ing etungan dinten-dinten pamungkas. Inggih menika 10 dinten pungkasan (Al-‘Asyr Al-Awakhir).

Menawi kita ningali tiyang-tiyang ing njawi mrika, 10 dinten pungkasan niki dipun dadosaken ajang “Balap Liar”. Nanging sanes balapan teng masjid, melainkan balapan teng mall, pasar, lan dalan gedhe kagem pados klambi anyar sarta ngungsi mudik. Masjidipun kepripun? Suwung (sepi) kados kuburan enggal!

Wonten setunggal pitedah ingkang nggegirisi saking Al-Imam Ibnul Jauzi rahimahullah kagem nggugah tiyang-tiyang ingkang loyo ing pungkasan Ramadhan. Panjenenganipun ngendika:

إِنَّ الْخَيْلَ إِذَا شَارَفَتْ نِهَايَةَ الْمِضْمَارِ بَذَلَتْ قُصَارَى جُهْدِهَا لِتَفُوزَ بِالسِّبَاقِ، فَلَا تَكُنِ الْخَيْلُ أَفْطَنَ مِنْكَ

“Satemene jaran balap iku, menawa wis nyedhaki garis finish, dheweke bakal ngetokake sakabehing tenagane supaya bisa menang balapan. Mula, aja nganti jaran iku luwih pinter tinimbang kowe!” (Kutipan saking Bahrud Dumu’).

Bapak-Ibu, jaran mawon ngertos, nek wis meh tekan finish kudu “Gas Pol”, mboten malah mandheg ngombe es dawet. Lha kita niki menungsa ingkang gadhah akal, kenging menapa meh tekan finish (akhir Ramadhan) malah “nggembos” lan ninggalake shaf sholat tarawih?

Menawi wulan kepengker (awal Ramadhan) ibadah kita awon lan kathah bolongipun, mangga dipun tebus ing 10 dinten pungkasan niki. Kanjeng Nabi ﷺ sampun paring garansi:

إِنَّمَا الْأَعْمَالُ بِالْخَوَاتِيمِ

“Satemene aji-ning amal iku gumantung kepriye pungkasanipun.” (HR. Bukhari no. 6607).

II. Tuladha Saking Kanjeng Nabi ﷺ (Mboten Pados Baju Anyar)

Kados pundi sikepipun Rasulullah ﷺ menawi sampun mlebet 10 dinten pungkasan? Napa Panjenenganipun sibuk ndamel ketupat lan ngecat dalemipun? Mboten!

Saking Ibunda ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha, piyambakipun carios:

كَانَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ إِذَا دَخَلَ العَشْرُ شَدَّ مِئْزَرَهُ، وَأَحْيَا لَيْلَهُ، وَأَيْقَظَ أَهْلَهُ

“Kanjeng Nabi ﷺ menawa wis mlebu 10 dina pungkasan (Ramadhan), Panjenengane ngencengake sabuke (jarike), ngurip-urip wengine (kanggo ibadah), lan nggugah keluargane.” (HR. Bukhari no. 2024 & Muslim no. 1174).

Syarah Ulama Salaf:

Al-Hafizh Ibnu Hajar Al-Asqalani njelasaken ing Fathul Bari (4/269):

Tembung “Ngencengake sabuke” menika kiasan bilih Kanjeng Nabi ninggalaken hubungan suami-istri kagem fokus total ibadah (I’tikaf), utawi kiasan saking semangat ingkang makantar-kantar (singsingkan lengan baju). Panjenenganipun ugi nggugah keluargane, tegesipun keslametan niku mboten dipun nikmati piyambakan. Anak bojo dipun gugah kagem sholat dalu, mboten dipun umbar pules tilem amargi alesan “mesakake”.

III. Logika Lailatul Qadar (Investasi 83 Taun)

Kenging menapa kok Nabi ﷺ ngantos “Gas Pol” kados mekaten? Amargi ing 10 dinten pungkasan menika wonten satunggal dalu ingkang reginipun langkung awis tinimbang sak donya saisine. Inggih menika Lailatul Qadar.

Allah ﷻ paring dhawuh:

لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ أَلْفِ شَهْرٍ

“Malam kemuliaan (Lailatul Qadar) iku luwih becik tinimbang sewu wulan.” (QS. Al-Qadr: 3).

Syarah Menukik:

Para jamaah, 1.000 wulan menika menawi dipun dadekaken taun, ketemunipun 83 Taun 4 Wulan.

Cobi dipun penggalih mawi logika donya:

Menawi wonten Mall ingkang paring pengumuman: “Sapa sing gelem antri melek sewengi ing toko iki, bakal diwenehi sembako lan blanja gratis suwene 83 Taun!”

Kula yakin, mboten namung melek, tiyang-tiyang sanggup masang tenda, kemah, lan sikut-sikutan kalih tanggane supados saged mlebu Mall kasebut!

Nanging niki Gusti Allah ingkang nawakaken: “Sapa sing sholat, dzikir, maca Qur’an ing dalu niki, ganjarane dicathet padha karo wong sing ibadah terus-terusan tanpa mandheg suwene 83 taun!”

Nanging kasunyatanipun? Mripat kita langkung abot kagem melek ibadah, nanging entheng kagem melek nonton bal-balan utawi sinetron. Menika bukti bilih iman kita asring asor nalika tandhing kaliyan hawa nepsu.

IV. Resep Donga Pamungkas Saking Ibunda ‘Aisyah

Nalika ngadhepi dinten-dinten pamungkas niki, Ibunda ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha nate nyuwun pirsa dhumateng Kanjeng Nabi ﷺ: “Duh Rasulullah, menawi kula pinanggih kaliyan Lailatul Qadar, napa donga ingkang kedah kula waos?”

Kanjeng Nabi ﷺ mboten ngajari donga nyuwun sugih, mboten ngajari donga nyuwun drajat inggil. Nanging Nabi ngajari donga ingkang cekak nanging nembus langit:

اللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي

“Duh Allah, satemene Paduka menika Dzat Ingkang Maha Paring Pangapunten (Al-‘Afuw), Paduka remen paring pangapunten, mila paringana pangapunten dhumateng kawula.” (HR. Tirmidzi no. 3513, dishahihaken Al-Albani).

Syarah Ilmiyah:

Para ulama ahli bahasa lan aqidah (kados Imam Al-Ghazali) mbedakaken antawisipun asma Allah Al-Ghafur (Maha Pengampun) lan Al-‘Afuw (Maha Pemaaf/Pangapunten ingkang mbusak):

  • Maghfirah (Al-Ghafur): Dosa panjenengan ditutupi dening Allah ing akhirat supados mboten wirang, nanging cathetan dosane taksih wonten ing buku amal. Panjenengan tasih dipun sidhang.
  • Al-‘Afuw: Niki ingkang luar biasa. Cathetan dosa panjenengan dibusak total, di-hilang-kan ngantos malaikat pencatat mawon digawe lali! Panjenengan teka ing akhirat kados dene bayi ingkang nembe lair, mboten wonten tilas dosanipun babar blas.

Pramila, donga niki kedah kita wiridaken rinten dalu ing 10 dinten pungkasan niki. Nyuwun supados buku cathetan dosa kita “di-Tipp-Ex” resik dening Gusti Allah.

V. Panutup lan Donga (Khatimah)

Bapak-bapak, Ibu-ibu jamaah rahimakumullah

Monggo kita niati saking sakmenika, 10 dinten pungkasan niki kita kencengi malih sabuk ibadah kita. Aja nganti kalah karo jaran balap. Aja nganti klambine anyar, nanging iman-e suwek amargi gagal nggayuh Lailatul Qadar.

Mugi-mugi Allah ﷻ paring hidayah, taufiq, lan kekiyatan fisik dhumateng kula lan panjenengan sedaya kagem ngrampungaken Ramadhan taun menika kanthi tetesan luh tobat lan ibadah ingkang khusyuk.

رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَتُبْ عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ