DUDU PINDHAH TURU LAN DUDU UPDATE STATUS

9 Maret 2026 3 menit baca Tak Berkategori

VI. I’TIKAF: DUDU PINDHAH TURU LAN DUDU UPDATE STATUS

(Materi Tambahan Khusus 10 Dinten Pungkasan)

Bapak-Ibu jamaah rahimakumullah

Kagem mburu Lailatul Qadar menika, Kanjeng Nabi ﷺ mboten namung melek dalu teng dalem (omah), nanging Panjenenganipun paring tuladha ibadah ingkang naminipun I’tikaf.

Nanging, nyuwun pangapunten, jaman sakniki kathah tiyang ingkang salah kaprah babagan I’tikaf. Wonten ingkang ngebaki masjid mbekta bantal, guling, kemul, kalih cemilan (snack) sak kresek gedhe. Tekan masjid namung ngobrol ngalor-ngidul ngrembag politik, banjur pules tilem ngorok ngantos wekdal sahur.

Sing langkung parah, awake teng masjid nanging mripate mantengi handphone, lajeng update status ing WhatsApp utawi Facebook: “Alhamdulillah, lagi I’tikaf golek Lailatul Qadar… #Khusyuk #Masjid”.

Niki I’tikaf napa pamer? Niki jenenge pindhah panggonan turu, dudu I’tikaf!

Mangga kita wangsul dhumateng dalil ingkang shahih, kados pundi sejatosipun I’tikaf menika.

1. Dalil Kesunnahan I’tikaf (Mboten Nate Dipun Tilaraken Nabi)

Saking Ibunda ‘Aisyah radhiyallahu ‘anha, piyambakipun ngendika:

أَنَّ النَّبِيَّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ يَعْتَكِفُ العَشْرَ الأَوَاخِرَ مِنْ رَمَضَانَ حَتَّى تَوَفَّاهُ اللَّهُ، ثُمَّ اعْتَكَفَ أَزْوَاجُهُ مِنْ بَعْدِهِ

“Satemene Kanjeng Nabi ﷺ iku tansah nindakake I’tikaf ing 10 dina pungkasan wulan Ramadhan nganti Allah njupuk nyawane (seda). Banjur para garwane nerasake I’tikaf sakwise Panjenengane seda.” (HR. Bukhari no. 2026 & Muslim no. 1172).

Syarah Ulama Salaf (Sindiran Imam Az-Zuhri):

Imam Ibnu Syihab Az-Zuhri rahimahullah (salah satunggaling ulama agung Tabi’in) nate ngendika kanthi raos gumun:

“Kula nggumun sanget kaliyan umat Islam niki. Kok saged-sagede wong-wong iku ninggalake I’tikaf? Kamangka Kanjeng Nabi ﷺ ora tau ninggalake I’tikaf wiwit mlebu Madinah nganti Panjenengane seda!”

2. Syarat Mutlak I’tikaf: Kedah Ing Masjid

I’tikaf menika mboten saged dipun tindakaken wonten ing kamar, langgar (musholla alit ingkang mboten kagem sholat jamaah 5 wektu), napa malih teng kamar hotel.

Allah ﷻ paring dhawuh:

وَلَا تُبَاشِرُوهُنَّ وَأَنتُمْ عَاكِفُونَ فِي الْمَسَاجِدِ

“Lan aja sira kabeh campur (hubungan suami-istri) karo garwanira, kamangka sira kabeh lagi nindakake I’tikaf ing jero masjid.” (QS. Al-Baqarah: 187).

3. Hakekat I’tikaf: Medhot Hubungan Manungsa, Nyambung Hubungan Allah

Menawi panjenengan I’tikaf nanging tasih sibuk chatting kalih kanca, menika nglanggar hakekat (esensi) I’tikaf.

Imam Ibnul Qayyim Al-Jauziyah rahimahullah wonten ing kitab Zaadul Ma’ad (2/82) ngudhari rahasia I’tikaf kanthi kalimah ingkang endah sanget. Panjenenganipun ngendika:

شَرَعَ الِاعْتِكَافَ الَّذِي مَقْصُودُهُ وَرُوحُهُ عُكُوفُ الْقَلْبِ عَلَى اللَّهِ تَعَالَى، وَجَمْعِيَّتُهُ عَلَيْهِ، وَالْخَلْوَةُ بِهِ، وَالِانْقِطَاعُ عَنِ الِاشْتِغَالِ بِالْخَلْقِ، وَالِاشْتِغَالُ بِهِ وَحْدَهُ

“Allah nyyariatake I’tikaf, kang dadi tujuan utama lan rohe (nyawane) I’tikaf iku yaiku: Nalikane ati iku fokus tumuju marang Allah Ta’ala, nglumpukake sakabehing perhatiane mung kanggo Panjenengane, nyepi mung karo Panjenengane, lan medhot kabeh kesibukan srawung karo makhluk, kanggo sibuk sesambungan karo Panjenengane (Allah) semata.”

Dudutan Ilmiyah (Pesen Menukik kagem Jamaah):

Dados, Bapak-Ibu… I’tikaf niku kados dene kita saweg mlebet ing “Ruang ICU Spiritual”. Kita medhot sakedhap saking urusan donya. Hape dipun pateni utawi dipun silent, mboten usah ngrembag rego sembako napa malih ngrembag kejelekane tangga. Mripate dinggo maca Al-Qur’an ngantos mili luh (air mata), lisane dinggo istighfar.

Menawi mboten saged I’tikaf 10 dinten full amargi kedah nyambut damel utawi ngantor, mboten napa-napa. Saged dipun lampahi ing wektu dalu kemawon, utawi pas akhir pekan (Sabtu-Ahad). Ingkang penting, nalika sampun niat mlebet masjid kagem I’tikaf, donyane ditinggal teng njaba pager masjid. Ampun dibekta mlebet teng njero shaf.

Mugi-mugi kita sedaya saged ngraosaken nikmatipun “nyepi” sesarengan Gusti Allah ing masjid, ngantos kita saged pikantuk ampunan ingkang sampurna lan Lailatul Qadar ingkang mulya.