TANGISAN PAMITAN: Luh Kang Netes Ing Pungkasaning Ramadhan”
MAKALAH KAJIAN ISLAM
Judhul: “TANGISAN PAMITAN: Luh Kang Netes Ing Pungkasaning Ramadhan”
Dening: Pinggir Wiyono, S.Pd., M.Pd.
(Abu Najieb / Santri Lawu)
I. MUKADIMAH: “NANGISI SINETRON” LAN “ATI SING ATOS”
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينَ… أَمَّا بَعْدُ
Bapak-bapak, Ibu-ibu jamaah rahimakumullah…
Pripun kahananipun manah panjenengan dinten-dinten pungkasan niki? Napa rumaos sedhih, napa malah bungah amargi badhe riyaya?
Bapak-Ibu, cobi kita gatosaken kahanan masarakat kita (utawi mbok bilih kita piyambak). Kathah tiyang ingkang gampil sanget mbrebes mili (nangis).
Ibu-ibu gampil nangis nalika nonton sinetron utawi drama Korea ingkang saweg tamat. Lare enom nangis ngguguk amargi diputus pacare utawi HP-ne ilang. Bapak-bapak nggih saged nangis utawi lemes nalika jago bal-balane kalah utawi dagangane rugi.
Nanging aneh sanget, nalika wulan suci Ramadhan wulan ingkang kebak rahmat lan ampunan badhe pamit nilaraken kita, mripat niki garing mboten saged ngetokake luh babar blas!
Malah ingkang wonten namung rasa seneng lan lega: “Alhamdulillah, sesuk wis bada. Wis bebas ora usah tangi sahur, awan-awan wis isa ngopi lan udud maneh!”
Menawi kahanan ati kita kados mekaten, ateges ati kita niki tasih atos. Kita nganggep Ramadhan niku minangka beban (tanggungan) ingkang abot, sanes minangka tamu agung ingkang dipun tresnani.
Pramila, kagem nglembutaken ati ingkang atos niki, mangga dinten menika kita ngunjuk wejangan saking Al-Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali rahimahullah babagan luh (air mata) perpisahan di akhir Ramadhan.
II. INTI MATERI: BEDHAH DAWUH IBNU RAJAB AL-HANBALI
Wonten ing kitab Latha’iful Ma’arif (Kaca 217), Al-Imam Ibnu Rajab rahimahullah nulis satunggaling ukara ingkang ndamel sedhih para ulama lan tiyang-tiyang shalih wiwit jaman biyen ngantos sakniki. Panjenenganipun ngendika:
كَيْفَ لَا تَجْرِي لِلْمُؤْمِنِ عَلَى فِرَاقِهِ دُمُوعٌ، وَهُوَ لَا يَدْرِي هَلْ بَقِيَ لَهُ فِي عُمُرِهِ إِلَيْهِ رُجُوعٌ
Artosipun:
“Kepriye bisane luh (air mata) wong mukmin ora netes nalika pisah karo Ramadhan, kamangka dheweke ora ngerti, apa ing sisa umure isih ana kesempatan kanggo ketemu maneh.”
Mangga kita udari tigang (3) alasan kenging menapa mripat kita kedahipun mbrebes mili ing pungkasan wulan niki:
1. Misteri Umur: Napa Taun Ngarep Tasih Ketemu?
Niki nasehat ingkang paling nancep saking Ibnu Rajab.
Bapak-Ibu, cobi panjenengan eling-eling. Taun kepengker, mbok bilih tasih wonten bapak, ibu, sedherek, utawi kanca jamaah masjid Nidaul Quran ingkang shalat tarawih jejere panjenengan. Saged guyon sareng, saged buka sareng. Nanging Ramadhan taun niki, tiyange sampun mboten wonten. Tiyange sampun sumare (dikubur) ing ngandhap lemah.
Lha sinten ingkang saged njamin bilih panjenengan tasih dipun paringi umur panjang kagem ketemu Ramadhan taun ngarep? Mboten wonten jaminan sekecil apa pun! Saged ugi dinten riyaya mbenjang minangka riyaya pungkasan. Menawi kita sadar bilih niki mbok bilih dadi Ramadhan pungkasan, mesthi kita badhe nangis pamitan kalih wulan niki.
2. Nangisi Amal Sing Kakehan Cacad
Alasan kaping kalih kenging menapa kita kedah nangis inggih menika Muhasabah (evaluasi dhiri).
Kita niki nangis isin dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah sampun maringi wektu 30 dinten supados kita saged nglumpukake ganjaran, nanging napa wewales kita?
Shalate tasih asring bolong, tarawihe gita-gita (cepet-cepetan) amarga pengin ndang bali, tilawah Qur’an asring kalah kalih HP, lan lambe niki tasih seneng ngrasani tanggane senajan saweg pasa.
Para ulama Salaf biyen nangis amargi ajrih, kuwatir menawi pasa 30 dinten niku mboten wonten ingkang dipun tampi satunggal kemawon amargi atine kotor (riya’). Ali bin Abi Thalib radhiyallahu ‘anhu ing wengi takbiran asring mbrebes mili sinambi ngendika: “Duh, seumpama aku ngerti sapa wong sing pasane ditampa, aku pengin ngucapake selamat marang dheweke. Lan sapa wong sing pasane ditulak, aku pengin ngucapake takziyah (bela sungkawa) marang dheweke.”
3. Kelangan Kahanan “Swarga Donya”
Ing wulan Ramadhan, lawang swarga dipun bikak, lawang neraka dipun tutup, lan setan-setan dipun blenggu. Kahanan masjid rame, tiyang-tiyang gampil nindakaken amal shalih, loma (dermawan), lan sregep pados ilmu. Niki swasananing swarga donya!
Nalika Ramadhan pamit, swasana niku badhe ilang. Setan-setan diculake maneh. Tantangan kagem njaga shalat jamaah lan maos Al-Qur’an badhe langkung abot. Tiyang mukmin nangis amargi ajrih, kuwatir menawi sak sampune Ramadhan imanipun badhe anjlog lan mbalik tumindak maksiat kados saderengipun.
III. KESIMPULAN (DUDUTAN) LAN PANUTUP
Jamaah rahimakumullah,
Saking pitedahipun Al-Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali menika, mangga kita pasang niat saderengipun wulan niki leres-leres minggat nilaraken kita:
- Lemesake Atimu: Sempetake wektu ing wanci sepertiga dalu pungkasan niki kagem nyuwun pangapura. Menawi mboten saged nangis, peksanen mripat niku nangis amargi kelalaian kita, sadurunge kita ditangisi dening malaikat pati.
- Ojo Seneng Dhisik: Tekane wulan Syawal (Idul Fitri) niku sanes dinten kagem wong sing nganggo klambi anyar, nanging dinten kemenangan kagem wong sing imane tambah lan pasane ditampa.
- Titip Amal Pamungkas: Wenehana pungkasan ingkang sae. Bayar zakat fitrine kanthi rilo, perbanyak takbir, lan njaluk ngapura dhumateng sesami, mliginipun kaluwarga.
Donga Panutup:
Ya Allah, Dzat Ingkang Maha Miringake panangising para kawula. Paduka mirsani bilih wekdal kawula sesarengan wulan Ramadhan kantun sakedhap netra. Ya Allah, mboten wonten jaminan kawula saged pinanggih malih kaliyan wulan menika ing taun ngajeng. Pramila, kanthi luh ingkang netes menika, kawula nyuwun… tulisen asma-asma kawula, bapak ibu kawula, sarta kaluwarga kawula minangka hamba-hamba ingkang Paduka bebasaken saking geni neraka. Paduka tampenana sedaya amal ibadah kawula senajan kathah cacadipun, lan pertemokaken malih kawula kaliyan wulan Ramadhan ingkang badhe dugi wonten ing kawontenan kasehatan sarta iman ingkang sampurna.
اللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِمَّنْ قَبِلْتَ صِيَامَهُ وَقِيَامَهُ، وَغَفَرْتَ لَهُ زَلَّاتِهِ وَآثَامَهُ، وَأَعْتَقْتَ رَقَبَتَهُ مِنَ النَّارِ
وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ