Tafsir Surat Al Bayyinah

6 April 2026 5 menit baca Tak Berkategori

Penjelasan Tafsir Surat Al-Bayyinah

​لَمْ يَكُنِ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ وَالْمُشْرِكِينَ مُنْفَكِّينَ حَتَّى تَأْتِيَهُمُ الْبَيِّنَةُ رَسُولٌ مِنَ اللَّهِ يَتْلُو صُحُفًا مُطَهَّرَةًفِيهَا كُتُبٌ قَيِّمَةٌ

“Tiyang-tiyang kafir inggih punika Ahli Kitab lan tiyang-tiyang musyrik (ngendikakaken bilih piyambakipun sedaya) boten badhe nilaraken (agaminipun) saderengipun rawuh bukti ingkang nyata.” [QS. Al-Bayyinah: 1-3]

​ANDHARAN AYAT

​Ayat ing nginggil ngandharaken bilih tiyang-tiyang Ahli Kitab sae Yahudi utawi Nasrani, sarta tiyang-tiyang ingkang nyembah brahala, (ngendika bilih piyambakipun sedaya) boten badhe nilaraken agaminipun dumugi rawuh bukti ingkang nyata, inggih punika rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam. Lajeng nalika panjenenganipun rawuh mbeta Al-Qur’an, wonten saperangan saking piyambakipun sedaya ingkang iman lan nilaraken agami lami, ananging ugi wonten ingkang ngingkari.

​Kados ingkang dipunsebataken wonten ing ayat salajengipun:

​وَمَا تَفَرَّقَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ إِلاَّ مِنْ بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَةُ

“Lan tiyang-tiyang ingkang dipunparingi Al-Kitab boten pecah belah kajawi sasampunipun rawuh bukti ingkang nyata dhumateng piyambakipun sedaya.” [QS. Al-Bayyinah: 4]

​Saderengipun Rasulullah dipunutus, tiyang Yahudi lan Nasrani saestunipun sampun sepakat ngajeng-ajeng rawuhipun panjenenganipun (kangge dipundhereki) amargi panjenenganipun minangka Nabi akhir jaman pungkasaning para nabi. Bab punika adhedhasar andharan saking kitab-kitabipun piyambak, sae Taurat ugi Injil. Ananging nalika Rasulullah saestu rawuh, piyambakipun sedaya malah pecah belah; wonten ingkang mlebet Islam lan wonten ingkang tetep kafir.

​Kados ingkang dipunriwayataken dening Salamah bin Sallamah bin Waqsy, bilih piyambakipun nate gadhah tanggi tiyang Yahudi. Tiyang Yahudi punika tansah nyariosaken dhateng kaum musyrikin babagan badhe wontenipun dinten kiyamat, dinten tangining manungsa saking kubur, swarga, lan neraka. Tiyang Yahudi punika ugi mratelakaken bilih badhe utusan satunggaling Nabi saking arah Mekah lan Yaman. Nanging sasampunipun Nabi Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam saestu dipunutus, tiyang Yahudi kala wau malah kufur lan ngingkari amargi drengki lan iri (amargi Nabi sanes saking golonganipun).

​Mekaten ugi kisah Raja Romawi, Heraclius, ingkang pitaken dhateng Abu Sufyan babagan ciri-cirinipun Nabi Muhammad. Sedaya pitedah sampun trep kaliyan kitab Nasrani, nanging Heraclius nolak mlebet Islam amargi ajrih kelangan kalungguhan lan dipuntilar dening rakyatipun.

​Dene tiyang musyrik ingkang nyembah brahala, piyambakipun sedaya mangertos rawuhipun Rasulullah saking para dhukun ingkang gadhah perewangan jin ingkang asring nyolong warta saking langit.

​Salajengipun ayat kaping 2-3:

رَسُولٌ مِنَ اللَّهِ يَتْلُو صُحُفاً مُطَهَّرَةً (2) فِيهَا كُتُبٌ قَيِّمَةٌ (3)

“Inggih punika satunggaling Rasul saking Allah (Muhammad) ingkang maosaken lembaran-lembaran ingkang dipunsucekaken. Ing salebetipun wonten kitab-kitab (hukum) ingkang lurus.” [QS. Al-Bayyinah: 2-3]

​Ayat punika nerangaken bilih “bukti ingkang nyata” kasebut inggih punika Rasulullah ingkang maosaken lembaran ingkang suci, inggih punika Al-Qur’an, ingkang suci saking kebathilan.

​وَمَا أُمِرُوا إِلاَّ لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ حُنَفَاءَ وَيُقِيمُوا الصَّلاةَ وَيُؤْتُوا الزَّكَاةَ وَذَلِكَ دِينُ الْقَيِّمَةِ

“Kamangka piyambakipun sedaya boten dipundhawuhi kajawi supados nyembah Allah kanthi murnekaken ketaatan dhumateng Panjenenganipun salebeting nindakaken agami kanthi lurus, lan supados nindakaken shalat sarta mbayar zakat; lan ingkang mekaten punika agami ingkang lurus.” [QS. Al-Bayyinah: 5]

​Ayat punika negesaken bilih saestunipun piwulang ingkang leres inggih punika tauhid (nyembah namung dhateng Allah), nindakaken shalat, lan zakat. Punika agami lurus ingkang mbeta kawula dhumateng swarga ingkang langgeng.

​إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ وَالْمُشْرِكِينَ فِي نَارِ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا أُولَئِكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِ إِنَّ الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُولَئِكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِ

“Saestunipun tiyang-tiyang kafir inggih punika Ahli Kitab lan tiyang-tiyang musyrik (badhe mlebet) dhateng neraka Jahannam; piyambakipun sedaya kekal wonten ing salebetipun. Piyambakipun sedaya punika saawon-awonipun titah (makhluk). Saestunipun tiyang-tiyang ingkang iman lan nindakaken amal shalih, piyambakipun sedaya punika sasae-saenipun titah.” [QS. Al-Bayyinah: 6-7]

​جَزَاؤُهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنَّاتُ عَدْنٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا اْلاَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ ذَلِكَ لِمَنْ خَشِيَ رَبَّهُ

“Piwalesipun piyambakipun sedaya wonten ing ngarsanipun Pangeranipun inggih punika swarga ‘Adn ingkang mili lepen-lepen ing saandhapipun; piyambakipun sedaya kekal salami-laminipun. Allah ridha dhumateng piyambakipun sedaya lan piyambakipun sedaya ugi ridha dhateng Panjenenganipun. Ingkang mekaten punika (piwales) kagem tiyang ingkang ajrih dhumateng Pangeranipun.” [QS. Al-Bayyinah: 8]

​Ringkesan Tafsir Saking Ulama Salaf

​Adhedhasar rujukan saking kitab-kitab tafsir mu’tabar (kados At-Thabari, Al-Qurtubi, Ibnu Katsir, lan Al-Baghawi), para ulama Salaf paring pamanggih:

  1. Imam Ibnu Jarir At-Thabari: Nafsiraken tembung shuhufan muthahharah (lembaran ingkang dipunsucekaken) minangka Al-Qur’an. Lan “bukti nyata” (al-bayyinah) boten sanes inggih punika rawuhipun Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam.
  2. Imam Al-Qurtubi: Negesaken bilih lembaran kasebut suci saking samukawis tumindak syirik lan kebathilan ingkang dipundamel-damel dening manungsa.
  3. Imam Al-Baghawi: Nerangaken bilih kutubun qayyimah (kitab ingkang lurus) inggih punika wontenipun ayat-ayat lan hukum-hukum Allah ingkang tertulis cetha lan lempeng wonten ing salebeting Al-Qur’an.
  4. Imam Ibnu Katsir: Paring panegasan bilih tiyang-tiyang ingkang tetep kafir badhe kekal ing neraka minangka “saawon-awonipun makhluk”, dene tiyang mukmin minangka “sasae-saenipun makhluk” ingkang pikantuk keridhaan Allah Ta’ala.

​Piwulang Saking Ayat (Faedah)

  1. Panyimpangan Agami Lami: Ayat punika mratelakaken bilih sampun wonten panyimpangan-panyimpangan ing salebeting agami saderengipun Islam (Yahudi lan Nasrani), saengga mbetahaken rawuhipun utusan enggal.
  2. Watak Drengki: Tiyang Ahli Kitab rumiyin sabar sanget ngajeng-ajeng rawuhipun Rasulullah amargi sampun kaserat ing kitabipun, nanging nalika panjenenganipun rawuh mbeta kaleresan, malah dadi pecah belah lan nolak amargi drengki (hasad).
  3. Prentah Tauhid: Ahli Kitab lan Musyrikin saestunipun dipundhawuhi supados mentauhidkan Allah lan nebihi kesyirikan. Piyambakipun dipundhawuhi mlebet agami Islam nalika Nabi Muhammad sampun rawuh.
  4. Pokok Agami: Agami ingkang lurus lan dipunridhani dening Allah inggih punika agami ingkang adhedhasar tauhid, nindakaken shalat, mbayar zakat, sarta nilaraken sadaya ajaran ingkang nyebal saking syariat Islam.
  5. Ancaman Ageng: Piwales kagem tiyang ingkang nolak mlebet Islam (sasampunipun rawuhipun Rasulullah) inggih punika neraka Jahannam lan panjenenganipun dados saawon-awonipun makhluk.
  6. Piwales Swarga: Tiyang ingkang iman lan nindakaken amal shalih badhe pikantuk sasae-saenipun piwales, inggih punika keridhaan Allah lan langgeng wonten ing swarga.
  7. Kautaman Ajrih Dhumateng Allah (Khasy-yah): Ajrih dhumateng siksanipun Allah dados pendorong kagem satunggaling tiyang supados tansah taat dhumateng Allah lan Rasul-Ipun, sae wujud keyakinan, pangucap, punapa dene tumindak.

Berjo Gawe Tresno, 17 Syawal 1447 H

Santrilawu (Abu Najieb)