DIAGNOSA TIGA RACUN PENGGALIH LAN TERAPI “SUGIH ANDAP ASOR”

25 April 2026 6 menit baca Tak Berkategori

MAKALAH KAJIAN ISLAM: DIAGNOSA TIGA RACUN PENGGALIH LAN TERAPI “SUGIH ANDAP ASOR”

(Kajian Komparatif Antawisipun Pemanggih Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah lan Falsafah Jawi)

Dipun Susun Dening: Abu Najieb (Santrilawu)


BAB I: PURWAKA (PAMBUKA LAN GUYONAN)

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا… أَمَّا بَعْدُ:

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Pripun kahananipun dinten niki Bapak-Ibu? Sehat nggih? Alhamdulillah.

Sejatosipun, kumpul teng masjid pas wektu subuh ing dinten Ahad niki minangka bukti bilih panjenengan sedaya niki pejuang ingkang tangguh. Dinten Ahad enjing niku biyasane hawane adhem, kemule krasa luwih kandel lan anget. Musuh ingkang paling abot niku sanes ngangkat barbel, nanging ngangkat tlapukan mripat! Wayahe wong-wong sanes saweg asyik pados sarapan sega pecel, panjenengan milih pinarak wonten ing masjid niki. Niki bukti bilih panjenengan sampun saged ngalahake “hawa napsu” pengen turu malih.

Bapak-Ibu jamaah rahimakumullah,

Ngomongake babagan hawa napsu, niki pas sanget kalih prekawis ingkang badhe kita rembag dinten niki: “Akal Buntu, Nuruti Hawa Napsu.”

Cobi dipun penggalih, kenging napa kok akale manungsa saged buntu? Ibarate Handphone (HP) niku lho, Bu. Umpami HP kakehan memori kagem nyimpen video utawi aplikasi sing mboten penting, HP-ne mesthi dados “nge-lag”, panas, terus buntu (hang).

Lha akale manungsa nggih ngoten niku! Gusti Allah sampun maringi utek sing canggih kagem mikir keagunganipun Gusti. Nanging, mergo bendino sing dituruti namung hawa napsu—pengen sugih cepet, kakehan mikir rerasanane tangga, lan gampang emosi—akhire memori akale kebak! Wong sing akale buntu mergo hawa napsu niki, penyakitipun aneh. Menawi dijak ngaji mripate ngantuk, dijak sedekah tangane kaku, nanging menawi dijak ngomongake eleke tangga… wah, langsung lancar jaya kados dalan tol!

Pramila, mumpung utek kita tasih seger dereng ketambahan mumet mikir cicilan utawi urusan pawon, mangga kita resiki memori akal kita. Kita badhe mbedhah resep saking ulama ageng, Al-Imam Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah.


BAB II: PEMBAHASAN UTAMA (DIAGNOSA PENYAKIT ATI)

A. Anatomi Karisakan Manungsa (Tiga Lawang Neraka)

Wonten ing kitab Al-Fawaid (kaca 102-104), Ibnul Qayyim ngendika:

دَخَلَ النَّاسُ النَّارَ مِنْ ثَلَاثَةِ أَبْوَابٍ: بَابُ شُبْهَةٍ أَوْرَثَتْ شَكًّا فِي دِينِ اللَّهِ، وَبَابُ شَهْوَةٍ أَوْرَثَتْ تَقْدِيمَ الْهَوَى عَلَى طَاعَتِهِ وَمَرْضَاتِهِ، وَبَابُ غَضَبٍ أَوْرَثَ عُدْوَانًا عَلَى خَلْقِهِ

“Manungsa mlebet neraka liwat tigang gapura: (1) Gapura Syubhat ingkang nuwuhaken raos mangu-mangu (ragu) dhumateng agaminipun Allah, (2) Gapura Syahwat ingkang nuwuhaken tumindak nengenaken hawa nepsu ngungkuli ketaatan sarta ridhanipun Allah, lan (3) Gapura Amarah ingkang nuwuhaken tumindak zalim/permusuhan dhumateng makhluk-Ipun.”

Syarah (Penjelasan) sarta Faedahipun:

  1. Gapura Syubhat (Penyakit Akal): Ngrisak sisi intelektual. Syubhat ndadosaken tiyang rumaos “keminter” nanging sejatosipun suwung saking pituduh. Pintu niki saged dipuntutup mawi ilmu syar’i ingkang leres.
  2. Gapura Syahwat (Penyakit Manah): Tiyang ingkang keblusuk ing pintu menika mangertos pundi ingkang leres, nanging amargi atinipun kabelet tresna dhumateng donya, piyambakipun wani nerak aturanipun Gusti Allah.
  3. Gapura Amarah (Penyakit Akhlak): Amarah ingkang mboten kakendhaleni badhe nuwuhaken raos gumunggung sarta kepéngin nindhes sesami.

B. Ciri Tiyang Cerdas Vs Tiyang Bodho (Nuruti Nepsu lan Angen-Angen)

Saking lawang syahwat wau, kathah tiyang ingkang keblusuk dados manungsa ingkang bodho utawi asor ing ngarsanipun Allah. Saking Sahabat Syaddad bin Aus radhiyallahu ‘anhu, Kanjeng Nabi ﷺ ngendika:

الْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ، وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللَّهِ

“Wong sing cerdas (al-kayyis) yaiku wong sing ngasorake/ngendhaleni hawa nepsune lan purun ngamal kanggo urip sakwise mati. Dene wong sing asor/lemah (al-‘aajiz) yaiku wong sing mung nuruti hawa nepsune, nanging kakehan angen-angen marang Allah.” (HR. At-Tirmidzi No. 2459).

  • Makna “Ngendhaleni Dhiri” (دَانَ نَفْسَهُ): Imam At-Tirmidzi njlentrehaken bilih niki tegesipun hāsabahā fīd dun-yā (nghisab dhirinipun nalika ing donya). Umar bin Khattab paring pitedah: حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا “Hisaben awakira kabeh sadurunge sira dihisab (dening Allah).” Tiyang cerdas niku sanes sing gelar akademikipun dawa, nanging sing tansah curiga dhumateng hawa nepsunipun piyambak.
  • Makna “Kakehan Angen-angen” (وَتَمَنَّى عَلَى اللَّهِ): Niki penyakitipun tiyang ingkang nuruti hawa nepsu donya, mboten purun tobat, nanging nggadhahi angen-angen “Ah, Gusti Allah iku Maha Pengampun, mengko rak ya dilebokake swarga.” Al-Imam Hasan Al-Bashri paring sindiran keras: يَقُولُونَ: نُحْسِنُ الظَّنَّ بِاللَّهِ، وَكَذَبُوا! لَوْ أَحْسَنُوا الظَّنَّ لَأَحْسَنُوا الْعَمَلَ “Dheweke padha muni: ‘Aku husnudzon marang Allah’. Dheweke kabeh iku GOROH! Saupama dheweke tenanan husnudzon, mesthi dheweke bakal ngapikake amale!”

C. Tiga Akar Dosa (Biang Kerok Maksiat)

Saking kalalaian nahan hawa nepsu wau, thukul tiga sifat induk ingkang dados sumber sedaya dosa:

  1. AL-KIBR (SOMBONG) – Dosanipun Iblis: Nolak bebener lan ngremehake manungsa (الْكِبْرُ بَطَرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ – HR. Muslim No. 91).
  2. AL-HIRSH (TAMAK / KEMARUK) – Dosanipun Nabi Adam AS: Mboten nate tuwuk (puas). Wis duwe siji, pengen loro. Maksiat kados korupsi lan ngapusi niku sumberipun saking tamak.
  3. AL-HASAD (DENGKI / MERI) – Dosanipun Qabil: Susah ningali wong liya seneng, lan seneng ningali wong liya susah. Hasad menika ngobong amal sae kados dene geni mangan kayu garing (إِيَّاكُمْ وَالْحَسَدَ… – HR. Abu Dawud).

BAB III: TERAPI LAN PENGOBATAN (SOLUSI JALUR LANGIT)

Kados pundi caranipun ngicali virus-virus ing nginggil? Kita badhe ngginakaken pendekatan “Sugih Andap Asor” saking Ulama Salaf.

A. Konsep “Sugih Andap Asor” (Ghaniy Syakir & Tawadhu)

Sugih manahipun (qana’ah / nerimo ing pandum) nanging andap asor (tawadhu’) ing tindak-tandukipun.

  • Dalil Sugih Ati: “Kasugihan kuwi dudu akehe bondho dunya, nanging kasugihan sejati kuwi sugihing ati.” (HR. Bukhari & Muslim).
  • Dalil Tawadhu’: Ibnu Abi Dunya ngriwayataken bilih Ibunda Aisyah ngendika: إِنَّكُمْ لَتَغْفُلُونَ عَنْ أَفْضَلِ الْعِبَادَةِ : التَّوَاضُعِ “Satemené sira kabeh wis nglalekake ibadah sing paling utama, yaiku: TAWADHU.”

B. Resep Praktis Al-Imam Al-Muzani (Tamba Penyakit Sombong)

  • Ningali tiyang langkung Sepuh: “Amalipun piyambakipun mesthi langkung kathah tinimbang kula.”
  • Ningali tiyang langkung Enem: “Dosanipun piyambakipun mesthi langkung sithik tinimbang kula.”
  • Menawi dipun mulyaaken: “Niki namung amargi Allah nutupi aib lan borok kula.”
  • Menawi dipun cela: “Niki akibat dosa-dosa kula piyambak. Hitung-hitung rontokke dosa.”

C. Resep Praktis Ismail bin Umayyah (Tamba Hasad & Suudzon)

Penyakit anak putu Adam niku wonten tiga: Thiyarah (rumangsa sial), Suudzon, lan Hasad. Obatipun:

  • Tombone Suudzon (LĀ TATAKALLAM BIHI): Ampun diucapake! Mandhega teng njero ati mawon, ampun ngantos lisan melu nyocot.
  • Tombone Hasad (LĀ TABGHI AKHĀKA SŪ’AN): Ampun nggoleki eleke (Mboten Dzalim). Menawi meri, ampun nuruti hawa nafsu kagem nggawe konspirasi njatuhake kanca.
  • Tombone Thiyarah (LĀ TA’MAL BIHĀ): Ampun mandheg, terus melangkah! Terus melangkah kanthi Bismillah lan tawakkal.

BAB IV: PANUTUP (KESIMPULAN)

Jamaah ingkang minulya,

Manungsa menika kedah tansah waspada kaliyan musuh lebet: Sombong, Tamak, lan Dengki. Ampun ngantos kita dados “Al-‘Aajiz” (wong sing bodho), ingkang namung nuruti hawa nepsu, numpuk donya, nanging “mabuk” rahmatipun Allah sahingga mboten purun tobat.

Solusi ingkang paling ampuh inggih menika nerapaken filosofi “Sugih Andap Asor”:

  • Sugih rasa syukur (Qana’ah) supados mboten Tamak.
  • Andap asor (Tawadhu) supados mboten Sombong.
  • Resik ati (Husnudzon) supados mboten Hasad.

Mugi-mugi kajian menika saged dados pepeling kagem kita sedaya supados saged “Mudik” menyang kampung akhirat kanthi mbeto ati ingkang slamet sarta ayem tentrem (Qalbun Salim).

DAFTAR PUSTAKA

  • Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah, Al-Fawaid, Bab: Ushulul Khathaya (Akar Kesalahan).
  • Sunan At-Tirmidzi (No. 2459) & Sunan Ibnu Majah (No. 4260).
  • Ibnul Jauzi, Shifatus Shafwah, Juz 2, Halaman 146.
  • Ibnu Baththal, Syarh Shahih Al-Bukhari, Halaman 261.
  • Ibnu Abi Dunya, At-Tawadhu’ wal Khumul, Halaman 107.

Wallahu A’lam Bish-Shawab.