AKAL BUNTU NURUTI HAWA NEPSU
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
Bapak-Ibu jamaah rahimakumullah, Ngomongake babagan hawa napsu, niki pas sanget kalih prekawis ingkang badhe kita rembag dinten niki: “Akal Buntu, Nuruti Hawa Napsu.” Cobi dipun penggalih, kenging napa kok akale manungsa saged buntu? Ibarate Handphone (HP) niku lho, Bu. Umpami HP kakehan memori kagem nyimpen video utawi aplikasi sing mboten penting, HP-ne mesthi dados “nge-lag”, panas, terus buntu (hang).
Lha akale manungsa nggih ngoten niku! Gusti Allah sampun maringi utek sing canggih kagem mikir keagunganipun Gusti. Nanging, mergo bendino sing dituruti namung hawa napsu pengen sugih cepet, kakehan mikir rerasanane tangga, lan gampang emosi akhire memori akale kebak! Wong sing akale buntu mergo hawa napsu niki, penyakitipun aneh. Menawi dijak ngaji mripate ngantuk, dijak sedekah tangane kaku, nanging menawi dijak ngomongake eleke tangga… wah, langsung lancar jaya kados dalan tol!
Agami Islam sanget ngurmati sarta nginggilaken drajatipun akal. Akal minangka anugerah ingkang paling ageng saking Gusti Allah ﷻ ingkang mbedakaken manungsa kaliyan kewan. Wonten ing basa Arab, “Akal” (العَقْلُ) nggadhahi makna dhasar Al-Imsak utawi Al-Iqal (tali pangiket), amargi akal ingkang sehat badhe ngiket sarta nahan manungsa saking tumindak ingkang asor lan ngrusak.
Wonten ing panyawang Islam, kalenggahan (kedudukan) akal dipun perik sacara proporsional: mboten dipun puja-puja ngungkuli wahyu, nanging ugi mboten dipun asoraken. Ing ngandhap menika penjelasane kalenggahan akal ing salebeting Islam, jangkep kaliyan dalil Al-Qur’an lan Sunnah:
1. Akal Minangka Syarat Taklif (Kewajiban Agami)
Agami Islam namung paring beban kewajiban (kados ta shalat, pasa, hukum halal-haram) dhumateng tiyang ingkang nggadhahi akal. Tiyang ingkang akalipun ical (edan utawi dereng baligh), mboten kenging kewajiban utawi dosa.
- Dalil Sunnah: Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ ngendika: رُفِعَ الْقَلَمُ عَنْ ثَلَاثَةٍ: عَنِ النَّائِمِ حَتَّى يَسْتَيْقِظَ، وَعَنِ الصَّغِيرِ حَتَّى يَكْبَرَ، وَعَنِ الْمَجْنُونِ حَتَّى يَعْقِلَ أَوْ يُفِيقَ “Pena (cathetan amal) dipun angkat saking tigang golongan: saking wong sing turu nganti dheweke tangi, saking bocah cilik nganti dheweke baligh (gedhe), lan saking wong edan (ilang akale) nganti dheweke duwe akal (waras malih).” (HR. Abu Dawud No. 4403, dipun shahihaken dening Syaikh Al-Albani).
2. Akal Kagem Mikiraken Tandha Kekuasaane Allah (Tafakkur)
Al-Qur’an asring sanget nyindir tiyang-tiyang ingkang mboten purun ngginakaken akalipun mawi pitakenan “Afala Ta’qilun?” (Apa sira ora mikir?). Akal dipun ciptakaken supados manungsa saged nitipriksa sarta mahami agungipun ciptaan Allah.
- Dalil Al-Qur’an: Allah ﷻ paring dhawuh: إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِّأُولِي الْأَلْبَابِ “Saktemene ing dalem pangriptane (penciptaan) langit lan bumi, sarta gumantine wengi lan awan, iku dadi tandha-tandha (kebesaraning Allah) tumrap Ulul Albab (wong-wong sing duwe akal ingkang wening).” (QS. Ali Imran: 190).
3. Akal Kagem Mbedakaken Ingkang Sae lan Awon (Hak lan Bathil)
Manungsa ingkang ngginakaken akalipun kanthi leres mesthi badhe mangertosi bilih tauhid menika leres lan syirik menika lepat. Tiyang ingkang mlebet neraka badhe getun amargi rumiyin ing donya mboten purun ngginakaken akalipun kagem mirengaken pitedah agami.
- Dalil Al-Qur’an: Gusti Allah ﷻ nyritakaken panyesalanipun ahli neraka: وَقَالُوا لَوْ كُنَّا نَسْمَعُ أَوْ نَعْقِلُ مَا كُنَّا فِي أَصْحَابِ السَّعِيرِ “Lan dheweke kabeh padha muni: ‘Saupama biyen (ing donya) kita gelem ngrungokake utawa gelem mikir (nggunakake akal), mesthi kita ora bakal dadi pangebange neraka Sa’ir (neraka kang makantar-kantar).'” (QS. Al-Mulk: 10).
4. Watesanipun Akal (Akal Kedah Tundhuk Dhumateng Wahyu)
Senajan akal menika mulya sanget, nanging akal manungsa nggadhahi watesan (limit/terbatas). Akal mboten saged mangertosi bab-bab ingkang ghoib (kados ta suwarga, neraka, alam kubur) menawi mboten dipun padosi saking wahyu. Pramila, Akal kedah tundhuk lan ndherek dhumateng Wahyu (Al-Qur’an lan Hadits). Akal mboten kenging minangka hakim kagem nolak syariat utawi teks agami.
- Pamanggih Ulama Salaf: Sahabat Ali bin Abi Thalib radhiyallahu ‘anhu paring wejangan ingkang misuwur sanget babagan watesan logika (akal) nalika adhep-adhepan kaliyan syariat: لَوْ كَانَ الدِّينُ بِالرَّأْيِ لَكَانَ أَسْفَلُ الْخُفِّ أَوْلَى بِالْمَسْحِ مِنْ أَعْلَاهُ، وَقَدْ رَأَيْتُ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَمْسَحُ عَلَى ظَاهِرِ خُفَّيْهِ “Saupama agami iku (aturanipun) mung adhedhasar akal (logika) wae, mesthi ngusap bagean ngisore sepatu (khuf) iku luwih utama tinimbang bagean dhuwure. (Amarga sing kotor kan ngisore). Nanging, aku wis weruh Rasulullah ﷺ anggone ngusap khuf iku ana ing bagean dhuwure.” (HR. Abu Dawud No. 162).
Akal ingkang buntu amargi ketutup dening hawa nepsu minangka salah satunggaling musibah paling ageng kagem manungsa. Nalika akal sampun mboten saged mbedakaken pundi ingkang leres lan lepat, gesangipun manungsa badhe mandhap drajatipun, kepara langkung asor tinimbang kewan.
Ing ngandhap menika pirembagan sacara rinci babagan sebab, akibat, sarta solusi kagem ngudhari akal ingkang buntu wau, jangkep kaliyan dalil sarta panjelasanipun para Ulama Salaf.
A. SEBAB (Kenging Napa Akal Saged Buntu Nuruti Nepsu?)
1. Nyingkiraken Ilmu Syar’i sarta Ndadekaken Nepsu Minangka “Gusti” Nalika akal mboten dipun paringi dhaharan arupi ilmu agami, raga badhe gampil dipun setir dening nepsu. Kepara wonten manungsa ingkang nuhanke (menjadikan tuhan) nepsunipun piyambak.
- Dalil Al-Qur’an: Allah ﷻ paring dhawuh: أَفَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ وَأَضَلَّهُ اللَّهُ عَلَىٰ عِلْمٍ وَخَتَمَ عَلَىٰ سَمْعِهِ وَقَلْبِهِ وَجَعَلَ عَلَىٰ بَصَرِهِ غِشَاوَةً “Apa sira wis weruh wong kang ndadekake hawa nepsune minangka sesembahane (Tuhane), banjur Allah nasarake dheweke kanthi ilmu (kang diduweni), lan Allah ngunci mati pangrungone lan atine, sarta masang aling-aling ing pandelenge?” (QS. Al-Jatsiyah: 23).
- Syarah Ulama Salaf: Al-Imam Ibnu Katsir rahimahullah nerangaken ayat menika: “Tegesipun, manungsa kasebat namung nindakaken menapa kemawon ingkang dipun anggep sae dening hawa nepsunipun. Menawi nepsunipun ngarepake sesuatu, piyambakipun langsung nindakake sanajan nalisir saking syariat. Sahingga Allah nutup lawang hidayah ing atine.”
2. Lingkungan sarta Pakulinan (Habit) Ingkang Awon Akal saged buntu amargi srawung kaliyan kanca-kanca ingkang remen nuruti syahwat. Pakulinan (kebiasaan) maksiat ingkang dipun wangsuli makaping-kaping badhe mbentuk karakter ingkang ngrusak fungsi logisipun akal.
B. AKIBAT (Dampak Risaking Nuruti Hawa Nepsu)
1. Binasaning Batin sarta Gesangipun Manungsa Tiyang ingkang ngumbar hawa nepsu badhe nemahi kehancuran, sae ing donya (arupi raos gelisah lan masalah) menapa dene ing akhirat.
- Dalil Sunnah: Nabi Muhammad ﷺ paring pepenget: ثَلَاثٌ مُهْلِكَاتٌ: شُحٌّ مُطَاعٌ، وَهَوًى مُتَّبَعٌ، وَإِعْجَابُ الْمَرْءِ بِنَفْسِهِ “Telung perkara kang mbinasakake (ngancurake): Pelit (cethil) kang dituruti, hawa nepsu kang ditutake, lan wong kang gumunggung (bangga) marang awake dhewe.” (HR. Al-Bazzar lan Ath-Thabrani, dihasanaken dening Syaikh Al-Albani).
- Syarah Ulama Salaf: Al-Imam Al-Munawi rahimahullah nerangaken bilih hawan muttaba’ (nepsu ingkang dipun tutake) menika saged mateni nurani. Nalika nurani mati, tiyang mboten badhe rumaos getun utawi dosa nalika tumindak maksiat. Menika wewujudaning karisakan ingkang paripurna.
2. Dados Abdinipun (Budak) Donya Akal ingkang buntu badhe ndadosaken tiyang gila pangkat, bandha, sarta jabatan, sahingga kicalan sipat merdika sarta harga dhiri minangka mukmin.
C. SOLUSI LAN TERAPI (Caranipun Ngudhari Akal ingkang Buntu)
Kagem mbalekaken fungsi akal supados cetha wela-wela, kedah wonten tata cara sarta mujahadah (perjuangan dhiri):
1. Nata Pakulinan sarta Meksa Dhiri (Mujahadah lan Tarbiyah) Manungsa kedah wani meksa dhirinipun kagem nglawan pakulinan awon. Nepsu menika kados dene lare alit; menawi dipun turuti terus badhe manja, nanging menawi dipun sapih (dipun pedhot) mawi pakulinan amal sholeh ingkang terstruktur, lami-lami badhe manut dhumateng akal sehat.
- Dalil Al-Qur’an: Allah ﷻ ngendika: وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ * فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ “Dene wong kang wedi marang keagungan Pangerane lan nahan awake saka (panggodhaning) hawa nepsu, mangka saktemene Suwarga iku minangka papan panggonane.” (QS. An-Naziat: 40-41).
- Syarah Ulama Salaf: Al-Imam Sahl bin Abdullah At-Tustari rahimahullah ngendika: “Mboten wonten amal ingkang langkung utami tinimbang nentang hawa nepsu.” Tiyang ingkang cerdas badhe ngginakaken akalipun kagem ndamel aturan (SOP) kagem dhirinipun piyambak supados mboten nabrak watesing agami.
2. Ngemut-emut Kematian (Dzikrul Maut) Solusi paling cespleng kagem ngerem hawa nepsu inggih menika emut dhumateng pejah sarta hisab ing akhirat. Akal ingkang buntu asring amargi rumaos badhe urip langgeng ing donya.
3. Ngathah-ngathahaken Donga Panyuwunan Nahan hawa nepsu menika awrat sanget menawi mboten pikantuk pitulungan saking Allah. Rasulullah ﷺ ngajarke donga khusus kagem nyuwun perlindungan saking nepsu ingkang nyesataken:
- Dalil Sunnah: Saking Ziyad bin Ilaqah, Nabi ﷺ asring ndedonga: اللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ مِنْ مُنْكَرَاتِ الْأَخْلَاقِ، وَالْأَعْمَالِ، وَالْأَهْوَاءِ “Dhuh Allah, saktemene kula nyuwun pangayoman dhumateng Paduka saking awonipun akhlak, awonipun amal perbuatan, sarta awonipun hawa nepsu.” (HR. Tirmidzi No. 3591, dishahihkan dening Al-Albani).
PEMBAHASAN UTAMA (DIAGNOSA PENYAKIT ATI)
D. Anatomi Karisakan Manungsa (Tiga Lawang Neraka) Wonten ing kitab Al-Fawaid (kaca 102-104), Ibnul Qayyim ngendika: دَخَلَ النَّاسُ النَّارَ مِنْ ثَلَاثَةِ أَبْوَابٍ: بَابُ شُبْهَةٍ أَوْرَثَتْ شَكًّا فِي دِينِ اللَّهِ، وَبَابُ شَهْوَةٍ أَوْرَثَتْ تَقْدِيمَ الْهَوَى عَلَى طَاعَتِهِ وَمَرْضَاتِهِ، وَبَابُ غَضَبٍ أَوْرَثَ عُدْوَانًا عَلَى خَلْقِهِ “Manungsa mlebet neraka liwat tigang gapura: (1) Gapura Syubhat ingkang nuwuhaken raos mangu-mangu (ragu) dhumateng agaminipun Allah, (2) Gapura Syahwat ingkang nuwuhaken tumindak nengenaken hawa nepsu ngungkuli ketaatan sarta ridhanipun Allah, lan (3) Gapura Amarah ingkang nuwuhaken tumindak zalim/permusuhan dhumateng makhluk-Ipun.”
Syarah (Penjelasan) sarta Faedahipun:
- Gapura Syubhat (Penyakit Akal): Ngrisak sisi intelektual. Syubhat ndadosaken tiyang rumaos “keminter” nanging sejatosipun suwung saking pituduh. Pintu niki saged dipuntutup mawi ilmu syar’i ingkang leres.
- Gapura Syahwat (Penyakit Manah): Tiyang ingkang keblusuk ing pintu menika mangertos pundi ingkang leres, nanging amargi atinipun kabelet tresna dhumateng donya, piyambakipun wani nerak aturanipun Gusti Allah.
- Gapura Amarah (Penyakit Akhlak): Amarah ingkang mboten kakendhaleni badhe nuwuhaken raos gumunggung sarta kepéngin nindhes sesami.
Ciri Tiyang Cerdas Vs Tiyang Bodho (Nuruti Nepsu lan Angen-Angen) Saking lawang syahwat wau, kathah tiyang ingkang keblusuk dados manungsa ingkang bodho utawi asor ing ngarsanipun Allah. Saking Sahabat Syaddad bin Aus radhiyallahu ‘anhu, Kanjeng Nabi ﷺ ngendika: الْكَيِّسُ مَنْ دَانَ نَفْسَهُ وَعَمِلَ لِمَا بَعْدَ الْمَوْتِ، وَالْعَاجِزُ مَنْ أَتْبَعَ نَفْسَهُ هَوَاهَا وَتَمَنَّى عَلَى اللَّهِ “Wong sing cerdas (al-kayyis) yaiku wong sing ngasorake/ngendhaleni hawa nepsune lan purun ngamal kanggo urip sakwise mati. Dene wong sing asor/lemah (al-‘aajiz) yaiku wong sing mung nuruti hawa nepsune, nanging kakehan angen-angen marang Allah.” (HR. At-Tirmidzi No. 2459).
- Makna “Ngendhaleni Dhiri” (دَانَ نَفْسَهُ): Imam At-Tirmidzi njlentrehaken bilih niki tegesipun hāsabahā fīd dun-yā (nghisab dhirinipun nalika ing donya). Umar bin Khattab paring pitedah: حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا “Hisaben awakira kabeh sadurunge sira dihisab (dening Allah).” Tiyang cerdas niku sanes sing gelar akademikipun dawa, nanging sing tansah curiga dhumateng hawa nepsunipun piyambak.
- Makna “Kakehan Angen-angen” (وَتَمَنَّى عَلَى اللَّهِ): Niki penyakitipun tiyang ingkang nuruti hawa nepsu donya, mboten purun tobat, nanging nggadhahi angen-angen “Ah, Gusti Allah iku Maha Pengampun, mengko rak ya dilebokake swarga.” Al-Imam Hasan Al-Bashri paring sindiran keras: يَقُولُونَ: نُحْسِنُ الظَّنَّ بِاللَّهِ، وَكَذَبُوا! لَوْ أَحْسَنُوا الظَّنَّ لَأَحْسَنُوا الْعَمَلَ “Dheweke padha muni: ‘Aku husnudzon marang Allah’. Dheweke kabeh iku GOROH! Saupama dheweke tenanan husnudzon, mesthi dheweke bakal ngapikake amale!”
E. Tiga Akar Dosa (Biang Kerok Maksiat) Saking kalalaian nahan hawa nepsu wau, thukul tiga sifat induk ingkang dados sumber sedaya dosa:
- AL-KIBR (SOMBONG) – Dosanipun Iblis: Nolak bebener lan ngremehake manungsa (الْكِبْرُ بَطَرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ – HR. Muslim No. 91).
- AL-HIRSH (TAMAK / KEMARUK) – Dosanipun Nabi Adam AS: Mboten nate tuwuk (puas). Wis duwe siji, pengen loro. Maksiat kados korupsi lan ngapusi niku sumberipun saking tamak.
- AL-HASAD (DENGKI / MERI) – Dosanipun Qabil: Susah ningali wong liya seneng, lan seneng ningali wong liya susah. Hasad menika ngobong amal sae kados dene geni mangan kayu garing (إِيَّاكُمْ وَالْحَسَدَ… – HR. Abu Dawud).
Akal ingkang buntu amargi hawa nepsu menika penyakit ingkang ngrusak karakter sarta kepemimpinan satunggaling tiyang. Solusinipun namung saged dipun lampahi kanthi ndhidhik dhiri (tarbiyah), ngathahaken ilmu, sarta mbangun pakulinan (habit) ingkang netepi syariat sarta sunnah. Kanthi makaten, akal badhe wangsul dados “panglima” ingkang nuntun raga tumuju ridhanipun Gusti Allah.
DUDUTAN (KESIMPULAN) LAN FAEDAH
Saking andharan kasebat, saged dipun tarik faedah bilih sesambungan antawisipun Akal lan Wahyu (Agami) menika kados dene sesambungan antawisipun Mripat lan Cahya Srengenge.
Sanajan mripat panjenengan sehat lan awas sanget (tegese akalipun cerdas), nanging menawi panjenengan mapan wonten ing kamar ingkang peteng ndhedhet mboten wonten cahya srengenge (tegese mboten wonten bimbingan wahyu), panjenengan tetep mboten saged ningali napa-napa lan bakal nabrak-nabrak.
Pramila, akal ingkang paling cerdas inggih menika akal ingkang purun tumungkul sarta nampi pituduhipun Gusti Allah lan Rasul-Ipun. Akal ingkang sehat mboten badhe nate cengkah (bertentangan) kaliyan dalil ingkang shahih.
Sragen, 26 April 2026 (Santrilawu)