Anak Polah Bapak Kepradah

5 Mei 2026 11 menit baca Tak Berkategori

Dipun Susun Dening: Pinggir Wiyono, S.Pd., M.Pd. (Abu Najieb)

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ… أَمَّا بَعْدُ

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Alhamdulillahi Rabbil ‘Alamin. Puji syukur tansah kita unjukaken ing ngarsanipun Allah ﷻ, Dzat ingkang sampun paring nikmat iman, Islam, sarta nikmat wekdal sela sahingga kita saged pinarak ing majelis ilmu menika kanthi kahanan sehat wal afiat. Shalawat sarta salam mugi tansah katur dhumateng panutan kita, Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ, sarta para kaluwarga, sahabat, lan pandherekipun ngantos pungkasaning jaman.

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, sarta sedherek jamaah ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah.

Pripun kahananipun panjenengan sedaya dinten niki? Mugi-mugi tansah pinaringan kabagyan. Kula mirsani wajahe panjenengan saking ngajeng niki katingal ayem, sumringah, lan anteng sanget kados mboten gadhah utang lan mboten gadhah beban pikiran.

Nanging… cobi kula takon saking telenging ati ingkang paling lebet. Wajahe pancen katingal ayem teng masjid niki, nanging kados pundi kahanan ati panjenengan nalika wonten ing omah? Mliginipun nalika nyawang putra-putri panjenengan?

Asring kita niki rumaos mongkog (bangga) lan seneng pamer menawi anak kita pinter sekolahe, pinter Basa Inggis, rangking setunggal, utawi ketampa ing universitas favorit. Kita wani ngetokake dhuwit mayuta-yuta kagem bayar les lan fasilitasipun. Nanging… nate mboten kita nangis ing tengah wengi amargi anak kita wani nilaraken shalatipun? Nate mboten kita rumaos ajrih nalika anak kita langkung asyik dolanan HP sedina muput tinimbang mangsuli salamipun tiyang sepuh?

Bapak-Ibu rahimakumullah,

Gusti Allah ﷻ sampun paring pepenget ingkang landhep sarta menukik sanget wonten ing Al-Qur’an Surat Al-Anfal ayat 28:

وَاعْلَمُوا أَنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ اللَّهَ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ

“Lan mangertenana, saktemene bandhanira lan anak-anakira iku minangka fitnah (ujian/cobaan), lan saktemene ing ngarsane Allah ana ganjaran kang agung.”

Ayat niki ngemutaken kita bilih anak niku sanes namung aksesoris kagem pamer-pameran teng status WhatsApp. Anak niku “Fitnah” (ujian). Kathah tiyang sepuh ingkang suksès pados dhuwit, suksès kariripun, nanging bangkrut ing ngarsanipun Allah amargi gagal ndhidhik anakipun ngenal Rabb-e. Kita asring nganggep anak kita minangka “raja alit” ingkang kedah dipun turuti sedaya penjaluke, ngantos kita lali bilih kita niki saweg nyithak generasi ingkang badhe nanggung beban peradaban.

Pramila, saderengipun wekdal kita ing donya niki telas, saderengipun kita dipun sidhang wonten ing pengadilanipun Allah, mangga kita mawas dhiri sarta nata malih niat lan cara kita nggulawenthah lare. Ing kalodhangan menika kita badhe mbedhah sesarengan materi babagan: “Anak Polah, Bapak Kepradah Napa Mung Mesem? Seni Panggulawenthah Lare Generasi Z Mawi Pitedah Salaf.”

Mangga dipun tata manahipun lan dipun lurusaken niatipun…


BAB I: PURWAKA (MUKADIMAH LAN REALITA GENERASI Z)

Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, sarta sedherek jamaah ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah ﷻ.

Bapak-Ibu, wonten ing lisanipun tiyang Jawi, kita asring sanget mireng paribasan: “Anak Polah, Bapak Kepradah.” Tegesipun, menawi anakipun kakehan polah utawi nakal, tiyang sepuhipun ingkang kedah nanggung repot, melu isin, sarta mumet sirahe.

Paribasan niki pancen nancep sanget ing kahanan jaman sakniki. Kita saweg ngadhepi lare-lare Generasi Z (Gen Z). Generasi niki unik, Bapak-Ibu. Wiwit lair sampun srawung kalih layar smartphone. Mripate luwih pinter maca Google tinimbang maca raine wong tuwa. Generasi niki katingalipun kreatif tur pinter, nanging asring gadhah mental ingkang rapuh (gampang baper). Diwenehi aturan sithik langsung protes, ditegur sithik langsung update status galau, “Aku keno mental, keno toxic parenting!”

Pungkasane, bapak lan ibune sing “kepradah” (repot lan mumet). Bingung carane ngandhani. Dikerasake wedi anake minggat utawi depresi, di-aluske kok anake malah nglunjak.

Pramila, supados bapak mboten “kepradah” nanging saged “mesem” (ayem) ngadhepi anak polah, kita kedah wangsul dhumateng “SOP Langit” (Standar Operasional Prosedur saking syariat). Wonten ing wekdal 90 menit menika, kita badhe mbedhah kados pundi caranipun ngemong Gen Z ngginakaken pitedah Al-Qur’an, Sunnah, sarta pemahamanipun Ulama Salaf.


BAB II: HAKIKAT “KEPRADAH” LAN ANAK MINANGKA FITNAH

Kenging napa tiyang sepuh kedah “kepradah”? Amargi lare menika asil (produk) saking panggulawenthahipun piyambak. Gusti Allah ﷻ sampun paring pepenget:

إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۚ وَاللَّهُ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ “Saktemene bandhanira lan anak-anakira iku minangka fitnah (ujian). Lan ing ngarsane Allah ana ganjaran kang agung.” (QS. At-Taghabun: 15).

  • Syarah & Tafsir Salaf: Al-‘Allamah Abdurrahman bin Nashir As-Sa’di rahimahullah wonten ing Taisir Al-Karim Ar-Rahman nerangaken: “Katresnan dhumateng anak asring ndadosaken tiyang sepuh nglanggar laranganipun Allah utawi nilaraken kewajiban agami demi nyenengake anakipun.”
  • Faedah Ilmiyah: “Kepradah”-ipun tiyang sepuh ingkang paling medeni sanes nalika diundang guru BK teng sekolahan, nanging nalika dipun sidhang dening Allah ing dinten Kiyamat. Tiyang sepuh jaman now asring kepradah amargi kakehan rasa “mesakne” (kasihan) ingkang klentu. Anak nangis njaluk HP, terus diparingi sedina muput. Pungkasane, fitrah lare risak amargi dipun fasilitasi maksiat dening tiyang sepuhe dhewe.

BAB III: ANAK MINANGKA SUMBER BAKHIL, PENGECUT, LAN MUMET

(Analisis Hadits ‘Al-Waladu Mabkhalah’)

Saderengipun kita nyalahaken lare-lare Gen Z ingkang ringkih mentalipun, cobi kita evaluasi dhiri kita minangka tiyang sepuh. Kanjeng Nabi ﷺ nate mangku putu panjenenganipun, lajeng paring sindiran ingkang landhep sanget babagan efek samping saking gadhah anak:

إِنَّ الْوَلَدَ مَبْخَلَةٌ مَجْبَنَةٌ مَجْهَلَةٌ مَحْزَنَةٌ “Saktemene anak iku bisa dadi sabab (wong tuwane) dadi cethil (bakhil), pengecut (ajrih), bodho (jahil), lan gampang sedhih.” (HR. Ibnu Majah No. 3666. Dipun shahihaken dening Syaikh Al-Albani wonten ing Silsilah Al-Ahadits Ash-Shahihah No. 336).

Al-Imam Al-Munawi rahimahullah wonten ing kitab Faidhul Qadir (Jilid 6, Kaca 365) njlentrehaken sekawan penyakit niki:

1. MABKHALAH (Sumber Sifat Bakhil/Cethil)

  • Syarah Salaf: Tiyang sepuh asring mboten purun sedekah amargi nggadhahi alesan: “Dhuwite arep tak simpen kanggo masa depane anak.”
  • Realita Lucu: Niki kumat pas dinten Jum’at! Pas kotak infaq masjid liwat, bapake arep nglebokake dhuwit Rp 50.000… moro-moro kelingan: “Wah, anakku mengko njaluk top-up kuota internet.” Akhire dhuwit seket ewu dilebokake dompet maneh, sing dicemplungake kotak infaq namung dhuwit Rp 2.000, niku mawon sing lecek tur suwek pinggire! Anak dados alesan kagem pelit ing dalane Allah.

2. MAJBANAH (Sumber Sifat Pengecut)

  • Syarah Salaf: Tiyang dados pengecut mboten purun amar ma’ruf nahi mungkar amargi ajrih nilaraken anakipun dados yatim utawi mlarat.
  • Realita Lucu: Dipréntah korupsi utawi nindakaken kecurangan kalih atasanipun teng kantor, bapake wani nolak mboten? Mboten wani! Alesanipun: “Nek aku dipecat, terus bojoku karo anakku mangan opo? Susune anakku sapa sing bayar?” Katresnan dhumateng anak ndadosaken bapak kelangan kawibawan.

3. MAJHALAH (Sumber Sifat Bodho/Jahil)

  • Syarah Salaf: Anak ndadosaken tiyang sepuh sibuk pados dhuwit siang lan dalu, ngantos mboten gadhah wekdal kagem nuntut ilmu agami.
  • Realita Lucu: Bapak/Ibu dijak ngaji alasane kathah: “Aduh, kudu ngancani anak nggarap PR Matematika niki.” Nanging giliran anake wis turu, tiyang sepuhe ugi mboten moco buku agami, malah asyik scroll video TikTok tekan tengah wengi! Umure nambah tuwa nanging ilmu agamine mboten nambah.

4. MAHZANAH (Sumber Rasa Sedhih lan Mumet)

  • Syarah Salaf: Anak menika tansah ndamel ati was-was sarta sedhih sedina muput.
  • Realita Lucu: Anake njaluk motor N-Max padahal bapake mung kuli, bapake ngelus dhadha mikirake utangan. Apa maneh nek weruh anake wani mbentak namung amargi HP-ne disita. Sirahe malih mumet, dharah tinggi kumat!

Faedah Ilmiyah: Hadits niki sanes prentah supados mboten gadhah anak, nanging Warning (Pepenget). Menawi rasa tresna niku ndadosaken panjenengan wani nglanggar syariat, wani pelit infaq, lan wani lali ngaji… mangka anak menika sampun malih dados Berhala Alit ingkang panjenengan sembah tanpa sadar. HAKIKAT “KEPRADAH” LAN TANGGUNG JAWAB TIYANG SEPUH

Kenging napa tiyang sepuh kedah “kepradah” lan nanggung beban tumindakipun lare? Amargi lare menika asil (produk) saking panggulawenthah (pendidikan) tiyang sepuhipun.

1. Dalil Al-Qur’an (Kewajiban Ndhidhik lan Njaga saking Neraka):

Allah ﷻ paring dhawuh ingkang tegas:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ

“He wong-wong kang iman, jaganen awakira kabeh lan kaluwarganira kabeh saka (siksa) geni neraka, kang bahan obonge arupa manungsa lan watu…” (QS. At-Tahrim: 6).

  • Tafsir & Syarah Salaf:Sahabat Ali bin Abi Thalib radhiyallahu ‘anhu paring tafsir babagan ayat menika:عَلِّمُوهُمْ وَأَدِّبُوهُمْ“Ajarana dheweke kabeh (anak lan bojomu) ilmu agami, lan wenehana didikan adab (tata krama).” (Tafsir Ibnu Katsir).
  • Faedah Ilmiyah: “Kepradah”-ipun tiyang sepuh ingkang paling medeni sanes nalika diundang guru BK teng sekolahan, nanging nalika dipun sidhang dening Allah ing dinten Kiyamat. Ndhidhik lare mboten saged dipun pasrahaken satus persen (100%) dhumateng guru teng sekolah utawi asrama. Tiyang sepuh kedah dadi panglima pendidikan adab kagem putra-putrinipun.

2. Dalil Sunnah (Fitnah/Ujian saking Anak):

إِنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ ۚ وَاللَّهُ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ

“Saktemene bandhanira lan anak-anakira iku minangka fitnah (ujian). Lan ing ngarsane Allah ana ganjaran kang agung.” (QS. At-Taghabun: 15).

  • Syarah & Tafsir As-Sa’di:Al-‘Allamah Abdurrahman bin Nashir As-Sa’di rahimahullah nerangaken: “Katresnan dhumateng anak asring ndadosaken tiyang sepuh nglanggar laranganipun Allah utawi nilaraken kewajiban agami demi nyenengake anakipun.”
  • Faedah ngadhepi Gen Z: Tiyang sepuh jaman now asring “kepradah” amargi kakehan rasa “mesakne” (kasihan) ingkang klentu. Anak nangis njaluk HP, terus diparingi sedina muput. Alesane: “Mesakne ben anteng.” Pungkasane, fitrah lare risak amargi dipun fasilitasi maksiat utawi tontonan awon dening tiyang sepuhe dhewe.

BAB III: SOLUSI NABAWIYAH NGADHEPI GENERASI Z

Lare Gen Z mboten saged dipun dhidhik namung mawi ukara “Pokoke kudu ngene!” (Otoriter). Gen Z menika kritis, pinter pados informasi, nanging miskin pengalaman. Menika 3 solusi ilmiyah adhedhasar pemahaman Salaf:

Solusi 1: Dialog Logika (Sanes Namung Nesu lan Nggabruk)

Nalika lare wani bantah utawi nindakaken kesalahan, ampun dhisikake tangan utawi swara banter. Gen Z menawi di-nesoni badhe nutup kuping lan rumaos dipun dzalimi. Ajak piyambakipun mikir (Deep Learning/Pembelajaran Bermakna).

  • Dalil Sunnah (Kisah Pemuda Nyuwun Izin Zina):Nate wonten pemuda sowan Kanjeng Nabi ﷺ sarta ngomong blaka suta kalih bengok: “Duh Rasulullah, izinkan kula zina!” Sahabat sanesipun emosi lan ajeng nggebuk pemuda niku. Nanging Kanjeng Nabi ﷺ tetep tenang sarta ngendika: “Caketo mrene.” Lajeng Nabi ngajak dialog logika:أَتُحِبُّهُ لِأُمِّكَ؟ “Apa kowe seneng manawa ibumu dizinahi wong?” Pemuda niku njawab: “Mboten, demi Allah.” Nabi taken malih: “Apa kowe seneng manawa anak wadonmu utawa adhine wedokmu dizinahi wong?” Pemuda niku tetep njawab mboten. Lajeng Nabi ﷺ mapanaken astanipun ing dhadhane pemuda wau sarta ndedonga:اللَّهُمَّ اغْفِرْ ذَنْبَهُ وَطَهِّرْ قَلْبَهُ وَحَصِّنْ فَرْجَهُ“Dhuh Allah, apuranen dosane, sucèkna atine, lan jaganen kemaluane.” (HR. Ahmad No. 22211, sanadipun shahih).
  • Syarah Salaf & Faedah: Al-Munawi nerangaken bilih Nabi mboten ngakimi (menghakimi), nanging nggugah empati lan akal sehatipun.Solusi kagem Gen Z: Menawi anak konangan nonton video mboten pantes utawi pacaran, ampun langsung digebuk utawi diusir saking omah. Panggil larene, ajak lungguh, takoni sae-sae: “Ndhuk/Le, kowe ngerti akibat saking perbuatan niki? Nek masa depanmu risak, sing rugi sapa?” Dialog niki badhe ndamel lare ngormati lan segan dhumateng tiyang sepuh.

Solusi 2: Keteladanan (Qudwah) minangka Pondasi SOP

Gen Z menika generasi Anti-Munafik. Menawi tiyang sepuh utawi pengasuh ndamel aturan (SOP) nanging piyambakipun nglanggar, Gen Z mboten badhe manut.

  • Dalil Al-Qur’an (Bebaya Hipokrit/Lamis):يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفْعَلُونَ , كَبُرَ مَقْتًا عِندَ اللَّهِ أَن تَقُولُوا مَا لَا تَفْعَلُونَ“He wong-wong kang iman, keneng apa sira ngucapake apa kang ora sira lakoni? Gedhe banget bebendune ing ngarsane Allah manawa sira ngucapake apa kang ora sira lakoni.” (QS. As-Shaff: 2-3).
  • Syarah & Faedah: Al-Ghazali ngendika bilih tuladha tumindak (lisanul hal) menika langkung landhep tinimbang omongan (lisanul maqal).Solusi kagem Gen Z: Bapak mboten usah “kepradah” ngongkon anake nyelehake HP menawi bapakipun piyambak mboten saged uwal saking HP pas wayah adzan! Kedah wonten SOP kaluwarga utawi asrama ingkang dipun taati sesarengan (contonipun: Maghrib ngantos Isya mboten wonten sing nyekel HP, kabeh moco Al-Qur’an utawi ngobrol).

Solusi 3: Pembiasaan Disiplin wiwit Alit (Habit Formation)

Mental rapuh Gen Z asring tuwuh amargi mboten dipun kulina-ake ngadhepi konsekuensi (akibat) saking pelanggaran.

  • Dalil Sunnah (Ketegasan ingkang Nggulawenthah):مُرُوا أَوْلَادَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَهُمْ أَبْنَاءُ سَبْعِ سِنِينَ، وَاضْرِبُوهُمْ عَلَيْهَا وَهُمْ أَبْنَاءُ عَشْرِ سِنِينَ، وَفَرِّقُوا بَيْنَهُمْ فِي الْمَضَاجِعِ“Prentahna anak-anakira kabeh nindakake shalat nalika umure wis pitung (7) taun. Lan pukulen dheweke (manawa ninggalake shalat) nalika umure wis sepuluh (10) taun, lan pisaha paturone.” (HR. Abu Dawud No. 495, hasan shahih).
  • Syarah Salaf & Faedah: Imam As-Syaukani wonten ing Nailul Awtar njlentrehaken bilih “pukulan” ing mriki sanes panyiksa, nanging pendidikan (Dharb Ta’dib). Mboten kenging natoni, mboten kenging ing rai.Solusi kagem Gen Z: Terapaken hukuman utawi sanksi ingkang nggugah kasadharan menawi lare mboten disiplin. Contonipun: mboten shalat Subuh, mangka fasilitas (uang saku/akses internet) badhe dipun suda. Aturan menika nglatih mental lare supados dados tangguh sarta mangertos tanggung jawab.

BAB IV: SENJATA PAMUNGKAS (DONGA TIYANG SEPUH)

Bapak-Ibu, sanajan panjenengan sampun maos atusan buku parenting utawi ndamel SOP paling canggih, nanging hidayah menika namung wonten ing astanipun Allah ﷻ. Menawi ngadhepi anak polah, ampun nate nyupatani (mengutuk/mendoakan jelek).

  • Dalil Sunnah (Mustajabipun Donga):ثَلَاثُ دَعَوَاتٍ مُسْتَجَابَاتٌ لَا شَكَّ فِيهِنَّ: دَعْوَةُ الْمَظْلُومِ، وَدَعْوَةُ الْمُسَافِرِ، وَدَعْوَةُ الْوَالِدِ عَلَى وَلَدِهِ“Ana telung donga kang mesthi diijabahi (dikabulake) tanpa ragu: Dongane wong kang dizalimi, dongane wong musafir, lan dongane wong tuwa (bapak) marang anake.” (HR. Tirmidzi No. 1905).
  • Faedah: Gen Z menika generasi ingkang rentan kenging depresi sarta pengaruh lingkungan (pergaulan bebas). Benteng paling bakuh ingkang saged nglindhungi saking kadohan inggih menika luh-ipun panjenengan (air mata) nalika sujud ing sepertiga dalu.

BAB V: PANUTUP LAN DUDUTAN (KESIMPULAN)

Jamaah rahimakumullah,

Saking andharan ing nginggil, kita saged mendhet dudutan (kesimpulan):

  1. Panggulawenthah niku Mboten Pasrah Bongkokan: “Anak Polah” kedah dipun arahaken, sanes dipun jaraken kanthi alesan “jenenge wae cah cilik/cah enom”.
  2. Kunci ngadhepi Gen Z: Ajak dialog kanthi logika (kados sunnah Nabi), paringi keteladanan, lan terapaken SOP kedisiplinan tanpa kekerasan emosional.
  3. Bapak Mboten Kepradah: Tiyang sepuh ingkang ngginakaken pitedah ilmiyah syariat mboten badhe mumet, amargi sedaya sampun dipun tata mawi sabar lan donga, lan sedaya asilipun dipun tawakkal-aken dhateng Gusti Allah.

Mugi-mugi Allah ﷻ dadosaken lare-lare kita generasi ingkang tangguh raganipun, landhep akalipun, sarta shalih jiwanipun. Amin.

رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا

اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا نِيَّاتِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ.