“DUKUN CUACA” RAMADHAN
Judhul: “RUMUS ANTI-ZONK: Garansi 100% Kepethuk Lailatul Qadar Saking Syaikh Bin Baz”
Dening: Pinggir Wiyono, S.Pd., M.Pd.
(Abu Najieb / Santri Lawu)
I. MUKADIMAH: GUYONAN “DUKUN CUACA” RAMADHAN
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينَ… أَمَّا بَعْدُ
Bapak-bapak, Ibu-ibu jamaah rahimakumullah…
Alhamdulillah, kita tasih dipun paringi napas ngantos mlebet etungan dinten-dinten pungkasan wulan suci niki.
Bapak-Ibu, saben mlebet 10 dinten pungkasan Ramadhan, biyasane kathah tiyang ingkang ujug-ujug alih profesi dados “Dukun Cuaca”.
Tengah wengi metu teng latar, ndangak nyawang langit, ngrasakake kahanan angin. Terus nggawe status utawi ngomong kalih tanggane: “Wah, wengine krasa syahdu, angine anteng, langite resik ora ana mendhung, kayane bengi iki Lailatul Qadar, Kang!”
Akhiripun, bengi niku piyambakipun sholat tahajud ngantos nangis-nangis. Lha terus bengi sesuke pripun? Amargi udan deres utawi hawane sumuk, piyambakipun mboten sholat, milih kemulan sarung amargi mikir “Ah, Lailatul Qadare wis kliwat wingi.”
Niki jenenge ibadah nganggo sistem “Tebak-tebakan” utawi kados madosi nomer undian. Menawi tebakane klentu, nggih Zonk (rugi bandhar)!
Kados dene kita nggulawentah (mendidik) lare-lare santri utawi warga sinau ing Pondok, sukses niku mboten saged mawi sistem tebak-tebakan soal ujian, nanging kedah sinau saben dinten.
Pramila, dinten menika kita badhe ngunjuk dawuh saking ulama agung abad niki, Syaikh Abdul Aziz bin Baz rahimahullah. Panjenenganipun maringi “Rumus Anti-Zonk” supados panjenengan dijamin 100% pikantuk Lailatul Qadar.
II. INTI MATERI: BEDHAH FATWA SYAIKH IBNU BAZ
Wonten ing kitab Majmu’ Fatawa (Jilid 15, Hal. 434), Syaikh Ibnu Baz rahimahullah ngendika kanthi ukara ingkang cetha lan manteb:
“Sapa wonge sing nemen-nemeni (sregep/bersungguh-sungguh) ing sepuluh dina pungkasan SAKABEHE, ing babagan sholat, maca Al-Qur’an, donga, lan maneka warna amal kabecikan liyane, mula dheweke bakal antuk Lailatul Qadar TANPA MANGU-MANGU (tanpa ragu), lan dheweke bejo antuk janjine Allah… menawa dheweke nindakake kanthi dhasar iman lan ngarep-arep ganjaran.”
Mangga kita bedhah rumus jitu saking Syaikh Bin Baz niki:
1. Logika Mborong Tiket (Ibadah ing SAKABEHE 10 Dina)
Rumusipun Syaikh Bin Baz niki sajatosipun gampil sanget tur rasional (masuk akal).
Gusti Allah ndhelikake (merahasiakan) Lailatul Qadar wonten ing salah satunggaling dalu saking 10 dinten pungkasan. Cobi dipun nalar: Menawi panjenengan ibadah namung milih tanggal 21 lan 27, lajeng jebule Lailatul Qadar dhawah ing tanggal 23 utawi 25, panjenengan luput (gagal) napa mboten? Mesthi gagal!
Nanging, menawi panjenengan mborong kabeh dinten… tanggal 21 ibadah, 22 ibadah, 23 ibadah, ngantos tanggal 29 utawi 30 ibadah terus mboten nate bolong… napa mungkin panjenengan kelewatan Lailatul Qadar? Mboten mungkin! Kados dawuhe Syaikh Bin Baz: “…bakal antuk Lailatul Qadar tanpa mangu-mangu (bila syakk).” Panjenengan mboten usah repot-repot nebak cuaca utawi ngitung lintang, pokoke sikat kabeh wengine!
2. Kualitas Ibadah: Mboten Namung Melek Wengi
Syaikh Bin Baz ugi maringi cathetan penting. Ingkang dipun padosi niku sanes namung “Melek-melekan” kados tiyang jaga pos ronda.
Wonten tiyang melek sewengi muput ing masjid, nanging mboten sholat lan mboten dzikir, malah mabar (main bareng) game Mobile Legend, utawi ngobrolke politik ngantos saur. Napa niki angsal Lailatul Qadar? Mboten!
Dawuh Syaikh Bin Baz cetha: “…ing babagan sholat, maca Al-Qur’an, donga, lan maneka warna amal kabecikan.”
Mboten kedah melek sewengi muput menawi mboten kiyat. Sing penting, panjenengan sholat Isya’ jamaah, Tarawih jamaah, lajeng saderengipun sahur tangi sakedhap kagem sholat tahajud 2 rakaat sarta istighfar. Niku sampun kaetung ngurip-urip wengi.
3. Syarat Mutlak: Iman lan Ihtisaban (Ngasah Niat)
Syaikh Bin Baz nutup fatwanipun kanthi ngutip hadits Kanjeng Nabi ﷺ:
مَنْ قَامَ لَيْلَةَ الْقَدْرِ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sapa wonge sing jumeneng (ibadah) ing Lailatul Qadar kanthi dhasar Iman lan Ihtisab (ngarep-arep ganjaran mung saka Allah), mula bakal diapura dosane sing wis kapungkur.” (HR. Bukhari no. 1901 & Muslim no. 760).
- Iman: Percaya bilih janji Allah niku leres, mboten mangu-mangu.
- Ihtisab: Ikhlas lillahi ta’ala. Mboten amargi dipeksa mertuwa, mboten amargi isin kalih tangga amarga dadi takmir masjid, nanging murni nyuwun ridhanipun Gusti Allah.
III. KESIMPULAN (DUDUTAN) LAN PANUTUP
Jamaah rahimakumullah,
Mumpung taksih wonten sisa wekdal ing 10 dinten pungkasan niki, mangga kita dadosaken pitedah Syaikh Ibnu Baz niki minangka cekelan:
- Leren Dadi Dukun Cuaca: Mboten usah pados-pados tondho (tanda-tanda) Lailatul Qadar saderengipun ibadah. Fokus kemawon ngibadah ing kabeh dalu sisa Ramadhan niki.
- Kencengi Sabuk: Mung kantun sawetara dinten, Bapak-Ibu. Tahan ngantuke sedhela kagem nikmat akhirat sing langgeng. Ampun ngalah kalih hawa nepsu.
- Pilih Jalur Aman: Ibadah rutin saben dalu niku jalur paling aman (Anti-Zonk) kagem pikantuk pangapunten dosa umur kita.
Donga Panutup:
Ya Allah, Paduka dadosaken kawula hamba ingkang mboten gampil nyerah. Paringana kawula kekiyatan raga lan manah kagem jumeneng sholat lan maos ayat-ayat Paduka ing sakabehing dalu-dalu pungkasan wulan Ramadhan. Mugi kawula sedaya kalebet tiyang-tiyang ingkang bejo pikantuk kemuliaan Lailatul Qadar.
اللَّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّي
وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ