KAWULA, KALUNGGUHAN INGKANG PALING INGGIL ING NGARSANIPUN ALLAH(Hamba, Kedudukan Tertinggi di Sisi Allah)
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ… أَمَّا بَعْدُ:
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, sarta sedherek jamaah ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah ﷻ. Pripun kahananipun dinten niki? Sehat raganipun nggih? Alhamdulillah.
Nanging cobi kula pirsani wajahe setunggal-setunggal… Wajahe jamaah niki pancen katingal sumringah, kados mboten gadhah utang sarta mboten gadhah beban pikiran. Nanging kula kok curiga… Niki sumringahipun saestu mergi seneng mlebet majelis ilmu, napa sumringah mergi saged “ngumpet” sekedhap saking ruwete masalah omah, piring numpuk, napa anak-anak sing nembe rewel?
Jaman sakniki niku pancen aneh sanget. Tiyang niku langkung ajrih katingal “keriput” tinimbang katingal dosa. Kathah tiyang ingkang wani ngetokaken arta atusan ewu kagem tuku krim skincare supados wajahe kenceng lan glowing, nanging lali mboten nate paring skincare dhateng atine mawi dzikir. Pungkasane wajahe katingal enom, nanging atine sampun “jompo” sarta garing mergi kakehan mikir kadonyan.
Padahal, Gusti Allah ﷻ sampun paring “resep ayem” wonten ing Al-Qur’an Surat Ar-Ra’d ayat 28:
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
”Yaiku wong-wong kang iman lan atine dadi tentrem srana dzikir (eling) marang Allah. Elinga, mung kanthi dzikir marang Allah ati iku dadi tentrem.”
Bapak-Ibu ingkang kinurmatan,
Ngaji niku sejatosipun kados dene charging batere HP. Menawi sedina muput HP dipun ginakaken terus kagem scrolling TikTok utawi balesi grup WhatsApp, mesthi batere-ne bakal telas (drop). Semanten ugi ati kita. Menawi sedina muput namung dipun ginakaken mikir cicilan, rega beras, sarta polahe anak, ati niku badhe “low-bat”.
Pramila, ing wekdal ingkang barokah menika, mangga kita “colokaken” ati kita wonten ing majelis ilmu niki. Kita gantos sinyal “ruwet” dados sinyal “rahmat”. Mangga dipun tata niyatipun, supados mboten namung wajahe ingkang glowing, nanging ugi atine sarta akhirate melu glowing.
Para Ma’asyiral Muslimin ingkang tansah dipun mulyakaken dening Allah…
Wonten ing kalodhangan ingkang minulya menika, sumangga kita sekedhap nindakaken tadabbur dhumateng dhawuh pangandikanipun Allah wonten ing Surah Al-Kahfi ayat sepisan, inggih menika:
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَنْزَلَ عَلَى عَبْدِهِ الْكِتَابَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَهُ عِوَجًا
“Sedaya puji konjuk dhumateng ngarsanipun Allah, Dzat ingkang sampun nurunaken Kitab Suci (Al-Qur’an) dhumateng kawulanipun, sarta Panjenenganipun boten ndadosaken Kitab kasebat bengkong.” (QS. Al-Kahfi: 1).
Surah Al-Kahfi ayat sepisan menika ngewrat kathah piwulang ingkang saged kita pendhet, wiwit saking tembung Al-Hamdu lillahi, Anzala, ‘Abdihi, Al-Kitab, sarta Walam yaj’al lahu ‘iwaja. Ananging, wonten ing kalodhangan menika kita badhe ngupas kandhutan ingkang wonten ing tembung ‘Abdihi (Kawulanipun).
Ma’asyiral muslimin arsyadakumullah…
Wonten ing Surah Al-Kahfi ayat sepisan, tembung ‘Abdihi ingkang nggadhahi teges “Kawulanipun” menika nerangaken babagan tiyang ingkang nampi Al-Kitab (Al-Qur’an). Kawula ingkang dipun kersakaken wonten ing ayat menika inggih menika Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ. Amargi Al-Qur’an menika mukjizat ingkang dipun paringaken dening Allah dhumateng Panjenenganipun.
Tembung “Kawula” (Hamba) menika minangka wujud pangalembana (pujian) saking Allah dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ. Pangalembana menika ugi dipun sebataken wonten ing ayat-ayat sanesipun, kados ta:
سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى…
“Maha Suci (Allah) ingkang sampun nindakaken lelampahan dhumateng kawulanipun (Nabi Muhammad) wonten ing wekdal dalu saking Masjidil Haram dhumateng Masjidil Aqsha…” (QS. Al-Isra’: 1).
Ugi wonten ing ayat sanes:
وَإِنْ كُنْتُمْ فِي رَيْبٍ مِمَّا نَزَّلْنَا عَلَى عَبْدِنَا فَأْتُوا بِسُورَةٍ مِنْ مِثْلِهِ…
“Sarta manawi panjenengan sedaya taksih mangu-mangu (ragu) dhumateng Al-Qur’an ingkang Kula wahyukaken dhumateng kawula Kula (Nabi Muhammad), mangka damela satunggal surah ingkang madhani…” (QS. Al-Baqarah: 23).
Syarah lan Piwulang Saking Tembung “Kawula” (‘Abdihi)
Ma’asyiral muslimin yahdikumullah…
Wonten sekawan (4) piwulang wigati saking tembung “Kawula” wonten ing ayat kasebat:
1. Kamulyan kagem Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ
Menika minangka wujud pakurmatan (pemuliaan) saking Allah. Nalika Allah nyebataken tembung “Kawula” ingkang dipun sandharaken dhumateng Dzat-Ipun (Kawula-Ku), menika nedahaken bilih Kanjeng Nabi nggadhahi kalungguhan ingkang mligi (spesial) ing ngarsanipun Allah.
2. Nedahaken Bilih Kanjeng Nabi Menika Manungsa Ingkang Paling Sregep Ngibadah
Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ menika a’badul basyar (manungsa ingkang paling sampurna pangabdianipun). Garwa Panjenenganipun, Ibunda Aisyah radhiyallahu ‘anha nate nyariyosaken:
أَنَّ نَبِيَّ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ كَانَ يَقُومُ مِنَ اللَّيْلِ حَتَّى تَتَفَطَّرَ قَدَمَاهُ…
“Bilih Kanjeng Nabi ﷺ biyasa nindakaken shalat dalu ngantos tlapakan samparanipun pecah-pecah. Aisyah matur: ‘Wahai Rasulullah, kenging menapa Paduka nindakaken menika, kamangka Allah sampun ngapunten dosa Paduka ingkang rumiyin sarta ingkang badhe teka?’ Nabi dhawuh: ‘Apa aku ora entuk dadi kawula kang akeh syukure?'” (HR. Al-Bukhari).
Syarah Ilmiah: Wonten ing mriki kita mangertosi bilih ibadah menika sanes namung kagem ngguguraken kewajiban utawi ajrih dhumateng siksa, ananging puncakipun ibadah inggih menika minangka wujud Syukur.
3. Kawula Menika Watesan Supados Boten Dipun Sembah
Sanadyan drajatipun Kanjeng Nabi menika inggil sanget, Panjenenganipun tetep “Kawula”, sanes Tuhan. Menika minangka bantahan dhumateng kaum Nasrani ingkang nggadhahi panganggep Nabi Isa menika Gusti Allah utawi putranipun Allah. Kanjeng Nabi paring pepenget:
لا تُطْرُونِي، كَمَا أَطْرَتِ النَّصَارَى ابْنَ مَرْيَمَ، فَإِنَّمَا أَنَا عَبْدُهُ…
“Aja sira kabeh kakehan anggonmu ngalem (memuji) aku, kaya dene kaum Nasrani anggone ngalem Nabi Isa. Saktemene aku iki mung kawulane Allah. Mangka ucapna bilih (Muhammad) iku kawulane Allah sarta Utusane.” (HR. Al-Bukhari).
4. Kalungguhan “Kawula” Inggih Menika Pujian Paling Inggil
Dados “Abdi Allah” menika drajat ingkang paling mulya. Manungsa badhe dados mulya menawi kersa ngasoraken dhiri wonten ing ngarsanipun Allah. Sangsaya asor manungsa wonten ing ngarsanipun Gusti, sangsaya inggil drajatipun ing ngarsanipun Gusti.
Imam Ibnul Qayyim ngendika:
كَفَى بِكَ عِزًّا أَنَّكَ لَهُ عَبْدٌ ، وَكَفَى بِكَ فَخْرًا أَنَّهُ لَكَ رَبُّ
“Cekap dados kamulyan bilih panjenengan dados kawula-Nipun, sarta cekap dados kebanggan bilih Panjenenganipun dados Pangeran (Rabb) panjenengan.”
Faidah Ilmiah sarta Tadabbur Ingkang Menukik
Wonten ing ilmu sosiologi sarta psikologi spiritual, manungsa menika asring dadi “kawula” dhumateng sesami utawi dhumateng bandha donya. Ananging, Al-Qur’an mulangaken bilih kamardikan sejati (kebebasan hakiki) namung saged dipun gayuh nalika manungsa pasrah bongkokan dados Kawulane Allah. Nalika manungsa boten dadi kawulane Gusti, piyambakipun badhe dadi kawulane nepsu, kawulane dhuwit, utawi kawulane pangalembana manungsa.
Kisah Bisyr Al-Hafi (Pelajaran babagan “Kawula”):
Imam Ibnu Qudamah nyariyosaken bilih rumiyin Bisyr Al-Hafi menika tiyang ingkang remen maksiat. Sawijining dinten, wonten tiyang shalih nglangkungi griyanipun Bisyr ingkang nembé wonten pesta. Tiyang shalih kasebat taken dhumateng budakipun Bisyr: “Sing duwe omah iki wong merdeka (hurrun) apa kawula (abdun)?”
Budakipun mangsuli: “Tiyang merdeka!”
Tiyang shalih wau dhawuh: “Bener kandhamu. Amarga yen dheweke kuwi kawula (hamba), dheweke mesthi bakal nindakake adab penghambaan lan ninggalake dolanan (maksiat) iki.”
Krungu dhawuh kasebat, Bisyr lajeng sadar (taubat) sarta mlayu kanthi ngetutake tiyang shalih wau kambi ngendika: “Kula menika kawula! Kula menika kawulanipun Allah!”
Dudutan (Kesimpulan):
Sumangga kita nata manah supados saged dados kawula ingkang leres. Boten wonten kebanggan ingkang langkung ageng tinimbang dipun aku dados “Kawula” dening Allah ﷻ.
Mugi-mugi Allah paring taufik dhumateng kita sedaya supados saged dados abdi ingkang taat ngantos puputing yuswa.
Baarokaallaahufiikum.