Mbeleh Raga Nguripake Jiwa
Judhul: MBELÈH RAGA NGURIPAKÈ JIWA: Mbedhah Ilmu, Ngalahaken Nepsu, sarta Nguripaken Manah ing Satengahing Keringipun Donya.
Papan: Masjid Daarunni’mah Sepat
Dipun Susun Dening: (Santrilawu) Abu Najieb Pinggir Wiyono, S.Pd., M.Pd.
BAB I: PURWAKA SARTA FIQH “MBELEH RAGA”
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ
… أَمَّا بَعْدُ
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, para sepuh pinisepuh, sarta kadang Ta’mir Masjid Daarunni’mah Sepat sarta paseduluran KISS Sepat ingkang tansah dipun tresnani sarta dipun rahmati dening Allah ﷻ.
Ing wekdal dalu ingkang ayem sarta barokah menika, kita mboten makempal kanthi tanpa sengaja. Kita kempal awit saking rumaos ngelak sarta ngelakipun jiwa kita dhumateng pituduh-Ipun. Tema ingkang dipun usung ing dalu menika inggih menika: “Mbelèh Raga Nguripakè Jiwa”.
Saderengipun kita nyilem langkung lebet, kita kedah ngertos napa tegesipun “Mbeleh Raga”. Napa agami kita ngajaraken supados kita nyiksa dhiri utawi nyabeti raga ngantos medal getihe? Tamtu mboten. Islam menika agami rahmat.
“Mbeleh Raga” ing ngriki inggih menika Majaz (kiasan) utawi kiasan saking usaha kagem ngalahaken sarta nundhukaken hawa nepsu sarta kemalasan fisik. Raga manungsa menika kodratipun condong dhumateng perkawis ingkang penak, kados sare (turu) lali wektu, dhahar wareg ngantos males shalat, sarta dulinan HP ngantos mboten ngertos wanci. Menawi raga menika dituruti terus, mangka jiwane ingkang badhe lumpuh sarta pejah.
Dalil Al-Qur’an (Raga minangka Ujian):
Allah ﷻ paring pangeling-eling wonten ing Surat Asy-Syams ayat 7-10:
وَنَفْسٍ وَمَا سَوَّاهَا (7) فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاهَا (8) قَدْ أَفْلَحَ مَنْ زَكَّاهَا (9) وَقَدْ خَابَ مَنْ دَسَّاهَا (10)
“Demi jiwa sarta panyempurnaane. Mangka Allah ngilhamake marang jiwa iku (dalan) kefasikan lan ketakwaane. Temenan beja (beruntung) wong kang nyucekake jiwane. Lan temenan tuna (merugi) wong kang ngregedi jiwane.”
Pamahaman Salaf sarta Syarah:
Al-Imam Ibnu Katsir rahimahullah nalika nyarahi ayat menika njlentrehaken bilih “wong kang nyucekake jiwane” (Zakkaha) inggih menika tiyang ingkang merangi hawa nepsu raganipun sarta nuntun raganipun kagem taat dhumateng Allah. Wondene tiyang ingkang “ngregedi jiwane” (Dassaha) inggih menika tiyang ingkang raganipun dados budhakipun nepsu kadonyan, saengga cahya jiwanipun mendhem sarta pejah.
Faedah Ilmiyah:
Sedherek kula sedaya, raga sarta jiwa menika asring rebutan panguwasa. Menawi raganipun asring srawung teng papan maksiat sarta males kagem ibadah, mangka jiwanipun garing sarta lara. Kanthi “mbeleh” (ngendaleni) raga supados purun dipun ajak teng majelis taklim kados dalu niki, senajan asline tasih sayah saking pedamelan, sejatosipun kita saweg maringi “pupuk” sarta “toya” supados jiwa kita urip malih.
Ngomong-ngomong babagan kahanan jaman sakniki, manungsa niku pancen lucu sarta asring kebolik-bolik nalare. Cobi panjenengan pirsani. Menawi batere HP (Handphone) panjenengan kantun 10% sarta warnane malih dados abang, pripun raosipun? Panik, nggih? Grusa-grusu madosi charger lan colokan listrik. Menawi HP-ne mboten wonten sinyale utawi kuotane telas, bingunge masyaAllah, kados-kados kiamat sampun celak!
Nanging… cobi kita mawas dhiri. Menawi “batere” iman ing njero ati kita kantun 5%? Sedina muput mboten moco Al-Qur’an, wektu shalat asring ditunda-tunda nganti meh entek, sarta lisan asring ngapusi lan ngrasani tangga… Atine dadi peteng lan sinyal rahmat saking langit pedhot. Kenging napa kok kita mboten panik babar blas? Malah taksih saged gumuyu cekakakan sarta santai ngopi-ngopi kados mboten gadhah dusa?
Jamaah rahimakumullah,
Niki ingkang sanged mbebayani. Manungsa jaman sakniki langkung ajrih kelangan koneksi internet tinimbang ajrih kelangan koneksi kaliyan Gusti Allah. Langkung panik HP-ne mati tinimbang panik atine mati. Kamangka, Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ sampun paring pepenget ingkang sanged landhep (menukik) ngenani pusatipun gesang manungsa:
أَلَا وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً، إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ، أَلَا وَهِيَ الْقَلْبُ
“Elinga, satemene ing njero jasad iku ana sagumpal daging. Menawa daging iku apik, mangka apik kabeh jasade. Nanging menawa daging iku rusak, mangka rusak kabeh jasade. Elinga, sagumpal daging iku yaiku Al-Qalb (Ati).” (HR. Bukhari lan Muslim).
Hadits menika minangka tamparan alus kagem kita. Menawi ati kita sampun rusak, mboten peduli senajan rasukan kita merek terkenal, mobil kita mewah, utawi pangkat kita dhuwur, hakikatipun ing ngarsanipun Allah kita namung kados “mayit ingkang mlampah-mlampah”.
Pramila, kempalipun kita wonten ing majelis ilmu menika sajatosipun saweg “nyolokake charger” kagem ngisi batere ati kita ingkang sampun low-bat. Mangga kita tata niyat, kita bikak kuping sarta ati kita, supados pepadhang saking ayat-ayat suci sarta hadits dinten menika saged nguripake malih jiwa kita ingkang garing…
BAB II: NALIKA RAGA SUGEH NANGING JIWA LARA
Wonten unen-unen hikmah ingkang unine: “Mbeleh raga, nguripake jiwa”. Sacara harfiah tegesipun nyembelih raga (kewan). Nanging makna filosofisipun langkung lebet sarta menukik: “Nyembelih sifat-sifat kewan sarta budhak kadonyan ingkang rumaket ing raga kita kados ta srakah, cethil (pelit), ego, lan gumunggung supados jiwa tauhid sarta takwa kita saged gesang malih.”
Nabi Ibrahim ‘alaihissalam dipun uji kanthi pangorbanan ingkang sanged awrat, inggih menika ngorbanaken putranipun, Nabi Ismail. Syariat menika lajeng dipun lajengaken dhumateng umatipun Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ. Kados dene Nabi Ibrahim, kita ugi dipun suwun kurban ngorbanaken prekawis ingkang sanged kita tresnani, inggih menika: Bandha donya kita.
Sedherek kula, ing mriki titik ujianipun. Napa kita lulus ngadhepi ujian bandha menika? Al-Qur’an nyathet kanthi cetha wela-wela bilih wewatekanipun manungsa menika sanged tresna dhumateng dhuwit lan bandha.
Dalil Al-Qur’an (Katresnan dhateng Bandha): Allah ﷻ paring dhawuh:
وَتُحِبُّونَ الْمَالَ حُبًّا جَمًّا
“Lan sira kabeh padha tresna marang bandha donya kanthi katresnan kang keladuk (berlebihan).” (QS. Al-Fajr: 20).
Mboten namung tresna, nanging manungsa ugi gadhah sifat dhasar kikir utawi cethil menawi kedah ngedalaken bandhanipun.
إِنَّ الْإِنْسَانَ لِرَبِّهِ لَكَنُودٌ (6) وَإِنَّهُ عَلَى ذَلِكَ لَشَهِيدٌ (7) وَإِنَّهُ لِحُبِّ الْخَيْرِ لَشَدِيدٌ (8)
“Satemene manungsa iku sanged ingkar (ora matur nuwun) marang Pangerane. Lan satemene manungsa iku nyekseni dhewe marang keingkarane iku. Lan satemene dheweke iku sanged bakhil (pelit) amarga tresnane marang bandha.” (QS. Al-Aadiyat: 6-8).
Pamahaman Salaf sarta Syarah: Al-Imam Ibnu Katsir rahimahullah nalika nyarahi ayat menika nerangaken bilih tembung ‘Al-Khair’ ing mriki tegesipun inggih menika bandha donya. Manungsa asring kesupen dhumateng Dzat Ingkang Paring Rejeki amargi mripate kaling-kalingan dening tumpukan arta.
Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ sampun paring pepenget bilih puncaking ujian umat Islam sanes kemiskinan, nanging bandha:
إِنَّ لِكُلِّ أُمَّةٍ فِتْنَةً وَفِتْنَةُ أُمَّتِي الْمَالُ
“Satemene saben umat iku duwe fitnah (ujian), lan fitnah (ujian palling gedhe) tumrap umatku yaiku bandha (harta).” [HR. At-Tirmidzi].
Faedah Ilmiyah sarta Menukik: Para jamaah ingkang kinurmatan, mangga kita sadar bilih bandha menika ujian paling ageng. Kita asring nyepeng bandha kados-kados kita badhe gesang selawase. Menawi dipun suwun kurban nyembelih wedhus ingkang regine mboten sepiroa nanging kita ngraos awrat, tegesipun kita dereng lulus ujian saking Allah. Jiwa kita taksih pejah amargi dipun krangkeng dening rasa “cethil”.
Cobi kita pirsani fenomena jaman sakniki. Kathah tiyang ingkang sukses sacara dhohir (raga). Omahe magrong-magrong, mobile kinclong, rasukane (pakaian) saking merek terkenal, sarta daharane sarwa miraos. Nanging… kenging napa wajahe peteng? Kenging napa wengine mboten saged sare? Kenging napa asring cecongkrahan kaliyan kulawarga?
Wangsulanipun amargi raganipun sugeh, nanging jiwanipun kemlaratan. Jiwa mboten badhe wareg sanajan dipun pakani dhuwit mliyaran. Jiwa menika asale saking langit (Ruhullah), mangka pakanipun ugi kedah saking langit, inggih menika wahyu (Al-Qur’an sarta Dzikir).
Dalil Al-Qur’an (Bebaya Nilaraken Pakaning Jiwa):
Allah ﷻ paring dhawuh wonten ing Surat Thaha ayat 124:
وَمَنْ أَعْرَضَ عَن ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَىٰ
“Lan sapa wonge kang minger (ngadoh) saka pengetan-Ku (Dzikir/Al-Qur’an), mangka satemene kanggone dheweke panguripan kang rupek (sempit/rekasa), lan Ingsun bakal nglumpukake dheweke ing dina kiyamat kanthi kahanan wuta.”
Pamahaman Salaf sarta Syarah:
Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah rahimahullah nerangaken makna “panguripan kang rupek” (Ma’isyatan Dhanka) menika sanes namung urip mlarat mboten gadhah arta, ananging kahanan manah ingkang sempit, sumpek, tansah was-was, sarta mboten nate ngrasakaken ayem tentrem, sanajan bandhane numpuk-numpuk. Menika amargi jiwanipun pedhot saking sumbere, inggih menika Allah.
Faedah Menukik:
Bapak-Ibu, mbeleh raga menika ngutamakaken kepentingan akhirat tinimbang donya. Kados dene unen-unen saking leluhur kita: “Wong urip iku kudu ngupaya, slamet donya lan akherat. Yen raga kesel ngibadah, jiwa bakal mulya ing suwarga.” Menawi mripat raga niki sayah amargi maos Al-Qur’an, mangka luh (air mata) ingkang netes niku saged mbusak dusa. Nanging menawi mripat niki sayah amargi ningali drakor utawi bal-balan ngantos Subuh kelewat, raganipun sayah nanging jiwanipun nembe remuk!
BAB III: TULADHA KANJENG NABI ﷺ LAN “MBELEH RAGA” INGKANG SEJATI
Menawi kita mbetahaken tuladha sinten tiyang ingkang paling leres anggenipun ngatur raga sarta jiwanipun, mangka cobi kita pirsani sejarahipun Kanjeng Nabi Muhammad ﷺ.
Sanajan panjenenganipun sampun dipun jamin swarga sarta sedaya dusanipun dipun ngapunten, raganipun asring lara sarta bengkak amargi dipun panggul kagem sujud ingkang suwi dhumateng Gusti.
Dalil Sunnah (Pangorbanan Raga Kanjeng Nabi):
Saking Ibunda Aisyah radhiyallahu ‘anha, panjenenganipun nate taken dhateng Kanjeng Nabi ﷺ:
لِمَ تَصْنَعُ هَذَا يَا رَسُولَ اللَّهِ وَقَدْ غَفَرَ اللَّهُ لَكَ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ
“Kenging napa Paduka nindakaken menika (shalat dalu ngantos samparanipun bengkak), dhuh Utusanipun Allah, padahal Allah sampun ngapura dosa Paduka kang dhisik lan kang mburi?”
Nabi ﷺ mangsuli kanthi ukara ingkang alus nanging jero:
أَفَلَا أَكُونُ عَبْدًا شَكُورًا
“Apa aku ora pantes dadi hamba sing ngucap syukur?” (HR. Bukhari no. 1130, Muslim no. 2819).
Pamahaman Salaf sarta Syarah:
Al-Hafizh Ibnu Hajar rahimahullah nerangaken bilih Kanjeng Nabi ﷺ mbuktekaken bilih ibadah ingkang sampurna menika ibadah ingkang mboten namung dhedhasar kewajiban kemawon, ananging dhedhasar raos “syukur” dhumateng Dzat Ingkang Paring Gesang. Raganipun kesel, samparanipun bengkak, nanging jiwanipun lemu, padhang, sarta ayem.
Faedah Menukik:
Para jamaah, cobi kita tandingaken kaliyan kahanan raga kita padintenan. Kita sambat ngadeg shalat Tarawih setengah jam, nanging kiat ngadeg ngantri tiket sembako utawi ngantri blanja ing mall ngantos tigang jam! Raga kita asring “dimanja”, nanging jiwa kita asring “dikurebke” (dilalaikan). Ayo kita niru senajan setetes saking adab Kanjeng Nabi: sageda raga niki dipun “peksa” (dibelèh) sethithik kagem ngibadah, supados kelak jiwa kita mumbul kanthi mesem ing ngarsa-Nipun Allah.
BAB IV: ILMU MINANGKA PAKAN SARTA TAMBA KAGEM JIWA
Punapa ingkang nguripake jiwa? Kados ingkang sampun dipun aturaken wonten ing pambuka wau, jiwa saged gesang menawi dipun pakan mawi Ilmu, Dzikir, sarta Al-Qur’an.
Dalil Al-Qur’an (Timbalan Kagem Nguripake Jiwa):
Allah ﷻ dhawuh ing Al-Qur’an:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَجِيبُوا لِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ إِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيكُمْ
“He para wong kang padha iman, sami sahuta seruanipun Allah lan Rasul-Nipun nalika Panjenenganipun ngundang sira marang bab kang nguripake sira.” (QS. Al-Anfal: 24).
Pamahaman Salaf sarta Syarah:
Sahabat Ibnu Abbas radhiyallahu ‘anhuma lan Al-Mujahid nafsiraken “bab kang nguripake sira” menika minangka Al-Qur’an sarta Syariat Islam. Menawi manungsa uwal saking syariat sarta ilmu agami, piyambakipun namung dados “mayit ingkang mlampah-mlampah”. Atine sampun mati saderenge raganipun mlebet kubur.
Kanjeng Nabi ﷺ ngendika ngengingi bedanipun tiyang ingkang dzikir sarta ingkang mboten dzikir:
مَثَلُ الَّذِي يَذْكُرُ رَبَّهُ وَالَّذِي لاَ يَذْكُرُ رَبَّهُ مَثَلُ الْحَيِّ وَالْمَيِّتِ
“Prumpamaane wong kang dzikir (eling) marang Pangerane karo wong kang ora dzikir marang Pangerane, iku kaya dene wong kang urip lan wong kang mati.” (HR. Bukhari).
Faedah Menukik:
Bapak-Ibu ingkang dipun mulyakaken Allah, saking dalil menika cetha bilih majelis ilmu kados dalu menika minangka “ICU” (Ruang Perawatan Intensif) kagem jiwa-jiwa kita ingkang saweg lara sarta lemes. Raga panjenengan purun nyisihaken wekdal, ninggalaken kasur ingkang empuk, milih lenggah ing njero masjid senajan rada pegel menika bukti bilih panjenengan wani “mbeleh raga”. Mugi-mugi panjenengan wangsul saking majelis menika kanthi jiwa ingkang mawa cahya (bercahaya).
Kados pitedah leluhur Jawi:
“Ngilmu iku kalakone kanthi laku,
Laku iku kalakone kanthi sabar,
Sabar iku kalakone kanthi ngalah,
Ngalah iku kalakone kanthi ilmu.”
BAB V: DUDUTAN (KESIMPULAN) SARTA DONGA PANUTUP
Para sedherek rahimakumullah,
Wekdal setunggal jam langkung menika, kita sampun “ngecas” jiwa kita. Saking andharan ingkang sampun kita bahas sesarengan, mangga kita mendhet dudutan kagem bekal mantuk dhumateng griya piyambak-piyambak:
- Raga iku Kendaraan, Jiwa iku Penumpang: Ampun nganti kendaraanipun dipun rawat dadi mewah lan mengkilap, nanging penumpangipun kaliren nganti lara sarta ameh mati. Pakanana jiwa panjenengan mawi dzikir sarta ngaji.
- Kesehatan Mental Berbasis Tauhid: Obat saking sedaya wujud stress, sumpek, sarta masalah “mental health” ing donya sakniki sanes piknik dateng luar negeri, ananging pasrah bongkokan dhumateng Allah sarta nampi qadha lan qadhar-Ipun.
- Peksa Raga kagem Taat: Ibadah menika pancen butuh dipeksa ing wiwitan. Menawi raga asring dipun peksa (“dipun beleh” kemalasane) kagem shalat, tangi wengi, utawi sinau ngaji, dangu-dangu ibadah badhe malih dados kabutuhan, sanes beban.
Mangga ing akhir pirembagan niki, kita tundhukaken manah kita, kita nyuwun dhumateng Allah ﷻ supados dadosaken kita sarta kaluwarga kita minangka hamba ingkang urip jiwanipun.
Duh Allah, Gusti Ingkang Maha Nyiptakaken sarta Paring Gesang dhumateng raga lan jiwa. Paduka mirsani bilih manah kula sedaya asring lara sarta peteng amargi asring nuruti hawa nepsunipun raga. Mugi Paduka ngapunten kalepatan kula. Uripaken ati kula sedaya mawi pepadhang Al-Qur’an, paringi kekiyatan raga kagem istiqamah ngibadah, sarta dadosaken pungkasaning yuswa kula sedaya ing kahanan husnul khatimah, kanthi jiwa ingkang sumeh sowan ing ngarsa Paduka.
Duh Allah, Dzat Ingkang Paring Pepadhang. Padhangaken manah kula sedaya mawi cahya Al-Qur’an. Dadosaken Al-Qur’an minangka tamba kagem sedaya reresik manah kula. Lan mugi Paduka ndadosaken putra-putri kula dados Hāfizh/Hāfizhah ingkang saged paring makutha kemulyan dhumateng kula sedaya ing dinten akhir benjang.
Duh Allah, Dzat Ingkang Maha Nyiptakaken sarta Paring Rejeki. Kula sedaya sowan ing ngarsa Paduka mawi nggendhong dosa ingkang numpuk sarta raga ingkang asring kapusan dening kahanan donya. Mugi Paduka paring kakiyatan dhumateng kula sedaya supados saged “nyembelih” sedaya katresnan donya lan sifat cethil ingkang ngalangi lampah kula dhumateng Paduka. Uripaken jiwa kula sedaya mawi cahya takwa, dadosaken kurban kula minangka seksi pangabdi ing dinten kiyamat, sarta pungkasi yuswa kula sedaya ing kahanan husnul khatimah.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.