“RAMADHAN KARI SEPARO, SHAF MASJID MAJU MERGA APA?”

9 Maret 2026 3 menit baca Tak Berkategori

MATERI KULTUM: (Syarah Pitedah Al-Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali)

1. Muqaddimah

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ … أَمَّا بَعْدُ

Bapak-bapak, Ibu-ibu, jamaah rahimakumullah

Pripun posonipun? Tasih tamat napa sampun mulai “bolong-bolong”?

Alhamdulillah, mboten kraos kita sampun mlebet pertengahan wulan Ramadhan.

Biasane, nek Ramadhan sampun mlebet pertengahan ngeten niki, wonten “mukjizat” ingkang kedadosan ing masjid-masjid kita. Napa niku?

Shaf shalat tarawih ujug-ujug maju ngarep!

Sanes maju merga jamaahe tambah sregep, nanging maju merga shaf mburine sampun “ilang”.

Tiang-tiang ingkang rikala awal Ramadhan ngebaki masjid, sakniki sampun pindhah tugas ngebaki mall, pasar malem, lan sibuk milih werna sirup kalih klambi bada. Astaghfirullah…

Niki penyakit taunan umat Islam. Semangate mung ing ngarep, nanging gembos ing tengah dalan. Pramila, ing wekdal ingkang sae menika, mangga kita “dijewer” atine mawi dhawuhipun salah satunggaling ulama agung, Al-Imam Ibnu Rajab Al-Hanbali rahimahullah.

2. Inti Materi: Tiga Pitakenan Saking Ibnu Rajab

Wonten ing kitab Latha’if al-Ma’arif, Imam Ibnu Rajab ngendika kagem nggugah manah kita ingkang saweg sleyer-sleyer ngantuk niki:

“Poro kawuloning Allah, sasanti Ramadan sampun lumampah sepalih wekdalipun. Pramilo:

  1. Sinten to ing antawis panjenengan ingkang sampun niti prikso dhirinipun piyambak amargi Allah wonten ing madyaning margi puniko?
  2. Sinten to ing antawis panjenengan ingkang sampun nuhoni hakipun sasi puniko kados sakmesthinipun?
  3. Sinten ta ing antawis panjenengan ingkang sampun nancepaken kasedyan sadèrèngipun korining suwargo dipuntutup?”

Mangga kita udari (bedhah) tiga pitakenan menika mawi landhasan dalil:

Poin 1: Niti Priksa Dhiri (Muhasabah)

Pertengahan Ramadhan menika wekdal kagem “Bongkar Mesin” (evaluasi). 15 dinten kepengker, napa pasa kita sampun bener? Napa namung ngempet luwe lan ngelak, nanging lisan tasih asring ngrasani (ghibah) tangga?

Umar bin Khattab radhiyallahu ‘anhu paring pepeling:

حَاسِبُوا أَنْفُسَكُمْ قَبْلَ أَنْ تُحَاسَبُوا

“Padha hitungen (evaluasi-en) amal perbuatanmu sadurunge kowe diitung ing dina Kiamat.” (Atsar riwayat Tirmidzi).

Poin 2: Nuhoni Hak Ramadhan (Mboten Namung Pasa Weteng)

Hak-ipun Ramadhan niku sanes namung mboten dhahar lan mboten ngunjuk. Hakipun inggih menika pasa mripat saking maksiat, pasa talingan saking ngrungokake gosip, lan pasa lisan saking tembung awon.

Kanjeng Nabi ﷺ paring ancaman ingkang nggegirisi:

مَنْ لَمْ يَدَعْ قَوْلَ الزُّورِ وَالْعَمَلَ بِهِ فَلَيْسَ لِلَّهِ حَاجَةٌ فِى أَنْ يَدَعَ طَعَامَهُ وَشَرَابَهُ

“Sapa wonge sing ora ninggalake ucapan goroh (dusta) lan perbuatan goroh, mula Allah ora butuh marang pasane (anggo ninggalake mangan lan ngombe).” (HR. Bukhari no. 1903).

Tegesipun: Pasane sah (mboten wajib qadha), nanging pahalane ZONK (nol besar).

Poin 3: Nancepaken Kasedyan Saderengipun Kori Suwargo Ditutup

Bapak-Ibu, Ramadhan niki ibarat “Diskon Ageng-agengan” saking Gusti Allah. Kori suwargo dibikak wiyar, kori neraka ditutup rapet. Nanging, wekdalipun Limited Edition (winates). Nek wulane wis entek, diskone nggih tutup.

Kanjeng Nabi ﷺ nate diamini dening Malaikat Jibril babagan tiyang ingkang cilaka:

رَغِمَ أَنْفُ رَجُلٍ دَخَلَ عَلَيْهِ رَمَضَانُ ثُمَّ انْسَلَخَ قَبْلَ أَنْ يُغْفَرَ لَهُ

“Celaka banget wong sing mlebu wulan Ramadhan, banjur Ramadhan iku entek sadurunge dosane diampuni dening Allah.” (HR. Tirmidzi no. 3545, dishahihaken Al-Albani).

Cobi bayangaken, sampun dipun paringi wulan maghfirah (pangapunten), kok dosane mboten diampuni? Niku kebangeten olehe males ibadah!

3. Panutup (Khatimah)

Jamaah rahimakumullah,

Mumpung taksih wonten sisa wekdal separo malih, mangga kita tarik gas! Menawi wingi-wingi sholat tarawihe tasih bolong, mangga ditambal. Menawi maos Qur’ane mboten nate jalan, mangga diwiwiti malih.

Ampun ngantos mbenjang ing dinten Riyaya (Idul Fitri), kita namung nganggo klambi anyar nanging atine tasih bosok kebak dosa.

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dhumateng kita kagem ngrampungaken Ramadhan taun menika kanthi husnul khatimah. Aamiin Ya Rabbal ‘Alamin.

وَصَلَّى اللَّهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ