Sangu Mudik Menyang Kampung Akhirat

23 Februari 2026 8 menit baca Tak Berkategori

NASKAH KHUTBAH IDUL FITRI

Tema: Sangu Mudik Menyang Kampung Akherat

@santrilawu abu Najieb


KHUTBAH KAPISAN

1. PEMBUKAAN

اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ. الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ صِيَامَ رَمَضَانَ أَحَدَ أَرْكَانِ الْإِسْلَامِ, وَغَفَرَ لِمَنْ صَامَهُ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا مَا تَقَدَّمَ مِنَ الذُّنُوْبِ وَالأَثَامِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ . اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

2. MUQADDIMAH

Jamaah Shalat Idul Fitri ingkang Minulya,

Sugeng Riyadi! Alhamdulillah, dinten niki kita saged kempal malih wonten papan ingkang mulya menika. Cobi dipun pirsani kanan keri panjenengan, Masya Allah… Wajah-wajahe jamaah enjang niki glowing-glowing sedaya.

Niki glowing efek wudhu napa efek kelap-kelip lengo opor ayam?

Sing biasane praupane surem mergo mikir cicilan, dinten niki sumringah sedaya. Sing biasane klambine kucel, dinten niki agemanipun anyar, kopyah anyar, mukena anyar.

Wonten ingkang nembe wangsul saking perantauan, mudik ketemu sedulur. Ati-ati nggih, biasane yen Riyoyo ngeten niki ujian paling abot niku sanes poso malih, tapi ujian “Lisan Tangga lan Sedulur”.

Kanggé para nom-noman sing dereng rabi, siapkan mental. Jawaban paling ampuh yen ditakoni “Kapan Rabi?” niku namung setunggal: “Nganggo sabar, Pak Lik. Jodoh niku wonten astanipun Gusti Allah, kulo namung saged usaha lan donga.”

Dina iki kita seneng-seneng, mangan ketupat, nyicipi nastar. Tapi ampun kesupen, nastare ampun dihabiske dhewe, mangke kolestrole munggah, darah tinggi kumat, malah repot. Secukupe mawon. Sing penting atine jembar, dosane lebur.

Monggo sami ngaturaken puji syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Enjang punika pasuryanipun panjenengan sedaya ketingal sumringah, padang njingglang kados rembulan tanggal 14. Sampun sewulan nutugaken poso, saniki wayahe kita “Riyoyo”. Mugi-mugi sedaya amal ibadah kita, poso kita, lan sedekah kita dipun tampi dening Allah.

Wonten setunggal ayat Al-Qur’an ingkang kedah kita emut-emut saben wekdal, supados kita botenupé kaliyan tujuan urip:

وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ

“Lan Ingsun ora nyiptakake jin lan manungsa kajaba supaya padha nyembah marang Ingsun.” (QS. Adz-Dzariyat: 56)

Hadirin ingkang dipun rahmati Allah,

Wonten ing suasana riyadin niki, kathah sedulur kita ingkang sami “Mudik”. Wonten sing mudik teng Solo, teng Jogja, teng Surabaya. Sing jenenge mudik niku mesthi nyiapake “Sangu” utawi bekal. Montore diservis, bensin diisi full, sangu duit sing kathah, klambi anyar dipak koper. Mboten mungkin tiyang mudik niku modal nekat mboten mbeto nopo-nopo, mengke saged kaliren teng dalan.

Ananging, wonten satunggal “Mudik” ingkang langkung tebih lan mboten bakal bali malih. Inggih punika Mudik menyang Kampung Akherat. Urip teng donya niki ibarat wong mampir ngombe, kados musafir ingkang leren sedhela teng ngisor wit, banjur nerusake lampah.+1

Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam paring pémut dhumateng kita:

كُنْ فِي الدُّنْيَا كَأَنَّكَ غَرِيبٌ أَوْ عَابِرُ سَبِيلٍ

“Dadia sira ing donya iki kaya wong asing utawa wong sing lagi lelungan (musafir).” (HR. Bukhari).

Pertanyaanipun: Yen mudik teng kampung halaman mawon sangune kathah, la pripun mudik teng Akherat? Pun siap dereng sangunipun? Ampun ngantos kita mudik marang Allah namung mbeto kain kafan putih, nanging tas amale kosong mlompong. Rugi, Pak/Bu!. Umar bin Abdul Aziz ngendikan: “Saben perjalanan kuwi butuh bekal, mula golek-a bekal seko donya kanggo perjalanan akhirat”.

Menapa kemawon sangu ingkang kedah kita siapaken kangge “Mudik Akherat” niki?

3. ISI KHUTBAH

Jamaah ingkang dipun Rahmati Allah,

Wau kula nyebut tembung “Mudik”. Saksampune Ramadhan, kathah sedulur kita sing “Mudik” menyang kampung halaman. Sing seko Jakarta mulih menyang Solo, Jogja, Madiun. Wong mudik niku mesthi nyiapake sangu. Motor diservis, bensin diisi full tank, sangu duit saku kandel, powerbank kebak. Mboten mungkin tiyang mudik niku modal nekat “bondho nekad” mboten nggowo nopo-nopo, saget kaliren utawi mogok teng dalan Tol.

Pertanyaan kanggé kita sedaya:

Yen mudik menyang kampung halaman mawon butuh sangu kathah, la pripun mudik menyang Kampung Akherat?

Urip teng donya niki ibarat wong mampir ngombe. Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam paring gambaran ingkang mak-jleb sanget:

مَا أَنَا فِي الدُّنْيَا إِلَّا كَرَاكِبِ اسْتَظَلَّ تَحْتَ شَجَرَةٍ ثُمَّ رَاحَ وَتَرَكَهَا

“Ora ana aku ing donya iki, kajaba mung kaya wong lelungan (pengembara) sing ngiyup sedhela ing sangisore wit, banjur lunga ninggalake wit mau.” (HR. Ahmad & Tirmidzi).

Wit niku ibarat donya. Kita namung ngiyup sedhela. Mangke yen wis wayahe, malaikat Izrail teka, mboten pareng ngenyang: “Malaikat, ampun sakniki, niki nastare dereng telas.” Mboten saged!. Kematian ora bisa diundur.

Mula, mumpung isih diparingi umur, ayo dicek checklist sangu mudik kita menyang Akherat. Pun komplit nopo dereng?

BEKAL 1: TIKET IMAN LAN TAUHID Ibarat numpak sepur utawi pesawat, Tauhid niku “Tiket”-e. Tanpa tiket, senajan panjenengan ngganteng, sugih, nggowo koper gedhe isi emas, tetep ditendhang metu saking stasiun. Tauhid niku tegese nyawijikaken Allah. Ibadah, donga, nyenyuwun namung marang Allah. Ampun dicampur-campur. Poso wis rajin, tapi yen lara isih mara dukun, utawi percaya jimat, niku jenenge tiket-e palsu. Batal!

Allah Ta’ala ngendika:

فَمَن كَانَ يَرْجُوا لِقَاءَ رَبِّهِ، فَلْيَعْمَلْ عَمَلًا صَالِحًا وَلَا يُشْرِكْ بِعِبَادَةِ رَبِّهِ أَحَدًا

“Sapa wong kang ngarep-arep ketemu Pangerane, mula becik dheweke nindakake amal sholeh lan aja nyekuthokake Pangerane klawan siji-sijiya.” (QS. Al-Kahfi: 110).

BEKAL 2: PETA ILMU AGAMA (GPS) Wong mudik jaman now niku butuh Google Maps utawi Waze supados mboten kesasar. Teng Akherat niku dalane rumpil, kathah simpangan. Kita butuh Peta, inggih punika Ilmu Agama. Bayangaken panjenengan semangat nyopir, nanging mboten ngerti arah, malah nyemplung jurang. Semonten ugi ibadah. Yen ibadah namung “melu-melu wong akeh” (rubuh-rubuh gedhang) tanpa ngerti ilmune, saged-saged ditolak.

Rasulullah bersabda:

مَنْ سَلَكَ طَرِيقاً يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْماً سَهَّلَ اللَّهُ لَهُ بِهِ طَرِيقاً إِلَى الْجَنَّةِ

“Sapa wong sing nempuh dalan kanggo golek ilmu, Allah bakal nggampangake dalane menyang swarga.” (HR. Muslim).

Contone, poso niku awan, ojo digawe wengi mentang-mentang modern. Agama niku manut tuntunan Nabi (Ittiba’), sanes manut perasaan utawi “cocoklogi” akal-akalan .

Ibadah niku syarate kalih: Ikhlas lan Ittiba’ (nyonto Nabi). Yen ibadah namung melu-melu wong akeh (rubuh-rubuh gedhang) tanpa ilmu, ibadahe mboten ditampi. Contone poso niku wayah awan, lha kok wonten sing pengen poso wayah wengi mergo alesan “kemajuan zaman”, niku jenenge “Ilmu Ngawur”. Mula, ngaos lan ngaji niku penting kadosdene mangan lan ngombe kangge ruh kita.

BEKAL 3: TABUNGAN AMAL SHALEH Teng donya butuh Rupiah. Teng Akherat, Rupiah, Dolar, Crypto mboten payu. Sing payu niku Pahala Amal Shaleh. Ramadhan wingi kita sampun “panen raya”: Tarawih, Tadarus, Sedekah. Niku ampun mandheg!. Lan ampun nyepelekake amal cilik. Kanjeng Nabi nate cerita wonten tiyang mlebet swarga namung mergara ngumbeni asu sing ngelak. Menapa malih yen panjenengan mbantu tangga, nyenengke bojo, utawi hormat marang wong tuwa?

Allah Ta’ala njamin wonten Al-Qur’an:

مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهُ، حَيَوَةً طَيِّبَةً

“Sapa wong kang nindakake amal sholeh, lanang utawa wadon kanthi iman, Ingsun bakal paring urip kang becik (ing donya lan akhirat).” (QS. An-Nahl: 97).

Ampun nyepelekake amal sholeh senajan cilik. Mbok menawa sing ndadekake kita mlebu swarga niku dudu sholat wengine, nanging mergo kita tau mesem marang tangga, utawi nyingkirake paku teng dalan. Kanjeng Nabi nate nyeritakake, wonten tiyang mlebet swarga mergo ngumbeni asu sing ngelak. Menapa malih yen kita mbantu sasama manungsa?.

BEKAL 4: BENSIN TAQWA Kendaraan butuh bensin, menungsa butuh Taqwa. Taqwa niku nopo? Nglakoni perintah, ninggalake larangan. Poso niku lathan “rem”. Nalika poso, sanajan piyambakan teng kamar, ono es teh segere pol, kita mboten wani ngombe. Mergo nopo? Mergo rumangsa diawasi Allah. Nah, raos “diawasi Allah” niki kudu digawa sakwise Ramadhan. Yen pejabat rumangsa diawasi Allah, mboten bakal korupsi. Yen pedagang rumangsa diawasi Allah, mboten bakal nyuda timbangan .

Allah ngendika:

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى

“Padha sangua sira kabeh, saktemene sak becik-becike sangu iku Taqwa.” (QS. Al-Baqarah: 197).

Taqwa niku kados “Rem”. Yen kendaraan rem-e blong, bakal cilaka. Tiyang ingkang mboten gadah rem Taqwa, bakal nabrak aturan: korupsi, zina, ngapusi, lan liya-liyane. Poso ngajari kita jujur. Nalika poso, sanajan piyambakan teng kamar, kita mboten wani ngombe toya, mergo wedi karo Allah. Semonten ugi sawise Ramadhan, kudu tetep wedi karo Allah. Pejabat sing wedi karo Allah mboten bakal korupsi, sebab rumangsa diawasi Allah, sanajan KPK mboten ngerti.

BEKAL 5: SEREP SABAR Perjalanan mudik niku mesthi wonten cobaane: macet, ban bocor, anak rewel. Perjalanan teng Akherat nggih sami, kathah ujianipun. Mula butuh “Ban Serep” jenenge Sabar. Sabar ngadepi musibah, sabar ngadepi omongane tangga, sabar ngadepi bojo sing cerewet (utawi sing lanang sing males). Niku kabeh ladang pahala.

Rasulullah Shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:

السَّفَرُ قِطْعَةُ مِنَ الْعَذَابِ

“Lelungan (Safar) iku perangan saking siksa/kasusahan.”.

Penutup Khutbah

Jamaah ingkang berbahagia, Monggo dinten niki kita seneng-seneng, nanging atine tetep eling. Urip namung mampir ngombe. Ojo sibuk mbangun omah gedong ing donya nanging lali mbangun istana ing swarga. Ojo nganti pas malaikat maut teka, kita lagi sibuk maksiat.

Mugi-mugi Allah nampi poso kita lan ndadosake kita tiyang ingkang bertaqwa.

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ


DONGA PENUTUP (Basa Jawi sing Ntrenyuhake Ati)

Hadirin Rahimakumullah,

Minangka panutup, sumangga kita ndungkluk sejenak. Ngasorake manah. Sapa ngerti iki Idul Fitri pungkasan kanggo kita. Sapa ngerti taun ngarep jeneng kita wis ana ing watu nisan, dudu ing kartu undangan.

Sumangga kita donga kanthi khusyu’, amini donga punika:

اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ

“Duh Allah, ing dinten riyadin ingkang suci menika, kawula nyuwun pangapunten sedaya dosa kawula. Dosa ingkang kawula sengaja utawi mboten. Dosa alit utawi dosa ageng.”

“Ya Allah, ampuni dosa Tiyang Sepuh kawula (Bapak lan Ibu). Panjenengan paringana sih kasetyan dhumateng kekalihipun kados dene anggenipun nggulawenthah kawula nalika alit.”

“Ya Allah, dandosana kawontenan kami. Resikana ati kami. Paringana pemimpin ingkang adil lan wedi marang Panjenengan. Jaga negari kami saking musibah lan perpecahan.” .

“Ya Allah, kempalaken kami benjang ing Swarga-Mu, kados dene Panjenengan kempalaken kami ing papan menika.”

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار

تَقَبَّلَ اللَّهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ، صِيَامَنَا وَصِيَامَكُمْ

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.